KONFLIK PSIKIS PARAGA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA)

Hidayatunnikmah, Laeli Nur (2014) KONFLIK PSIKIS PARAGA WIRADI WONTEN ING TRILOGI NOVEL KELANGAN SATANG ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (TINJAUAN PSIKOLOGI SASTRA). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Laeli Nur Hidayatunnikmah 10205244043.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten punika katindakaken supados mangertos kadospundi konflik psikis paraga Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Panaliten punika ngandharaken perwatakan paragatama,wujud konflik psikis ingkang dipunalami dening paragatama, penyebab konflik psikis saking paraga utama Wiradi, saha cara ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paragatama Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata. Panaliten punika kalebet panaliten kanthi jinis deskriptif. Sumber data wonten ing panaliten punika trilogi novel Kelangn Satang anggitanipun Suparto Brata. Data wonten ing panaliten punika awujud wujud perwatakan, wujud konflik psikis, penyebab konflik psikis, saha kupiya ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paragatama Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparta Brata. Panaliten menika dipuntliti kanthi pendekatan psikologi sastra. Cara anggenipun ngempalaken data inggih punika kanthi cara maos saha nyathet. Data ingkang sampun kapanggihaken dipunanalisis kanthi cara deskriptif. Panaliti migunakaken validitas semantik kangge manggihaken data ingkang valid, lajeng kangge manggihaken reliabilitas, panaliti migunakaken reliabilitas intraratter lan interater. Asiling panaliten punika ngandharaken: 1) wujud perwatakan paragatama Wiradi inggih menika prasangka buruk, keras kepala, boten tega, duka, isin, meri, ramah, boten sabar, pangerten, wicaksana, sabar, saged madeg piyambak, apikan, bingung utawi boten mantep, keantepan tekad, lan sopan; 2) wujud konflik psikis ingkang dipunalami dening Wiradi inggih menika ajrih, isin, kepuasan batin, emosi, pertentangan batin, keterpaksaan, kuciwa, was sumelang, kekaguman, kanepson, penyesalan, lan bimbang; 3) penyebab konflik psikis paragatama Wiradi antawisipun wedi kaliyan memedi, wedi konangan Landa, kekudangannipun kasembadan, Wiranta ngrebut manahipun Elok, pepenginan boten trep kaliyan kasunyatan, kasoran tiyang sanes, remen kaliyan kawanitaannipun Elok, lan boten dawa pikiripun; saha 4) cara ngudhari konflik psikis ingkang dipunalami dening paraga Wiradi wonten ing trilogi novel Kelangan Satang anggitanipun Suparto Brata inggih menika represi, projeksi, pembentukan reaksi, pemindahan obyek, fiksasi, regresi, rasionalisasi, lan sublimasi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Konflik Psikis, Trilogi Novel Kelangan Satang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 02:01
Last Modified: 29 Jan 2019 22:01
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18108

Actions (login required)

View Item View Item