Sudiyanto, Endika Pranatasari (2014) SIKAP HIDUP TIYANG JAWI WONTEN ING SANGANG DONGENG SAKING KEMPALAN DONGENG SEGA RAMES ANGGITANIPUN SUWARDI ENDRASWARA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Endika Pranatasari S 10205241032.pdf Download (3MB) | Preview |
Abstract
Panaliten punika katindakaken supados mangertos kadospundi sikap hidup tiyang Jawa wonten ing kempalan dongeng Sega Rames anggitanipun Suwardi Endraswara. Panaliten punika ngandharaken wujud sikap hidup tiyang Jawi saha sikap hidup tiyang Jawi miturut nilai budaya. Panaliten punika kalebet panaliten kanthi jinis deskriptif. Sumber data wonten ing panaliten punika buku kempalan dongeng Sega Rames anggitanipun Suwardi Endraswara. Data wonten ing panaliten punika awujud wujud sikap hidup tiyang Jawi saha sikap hidup tiyang Jawi miturut nilai budaya. Cara anggenipun ngempalaken data inggih punika kanthi cara nyemak saha nyathet. Data ingkang sampun kapanggihaken dipunanalisis kanthi cara deskriptif inggih punika panaliti ngandharaken wujud sikap hidup tiyang Jawi saha sikap hidup tiyang Jawi miturut nilai budaya.wonten ing buku kempalan dongeng Sega Rames. Panaliti migunakaken validitas semantis kangge manggihaken data ingkang valid, lajeng kangge manggihaken reliabilitas, panaliti migunakaken reliabilitas intraratter lan interater. Asiling panaliten punika ngandharaken sikap hidup tiyang Jawi saha sikap hidup tiyang Jawi miturut nilai budaya. wonten ing kempalan dongeng Sega Rames anggitanipun Suwardi Endraswara. Sikap hidup tiyang Jawa ingkang kapanggihaken ing kempalan dongeng Sega Rames inggih wonten Tri Sila saha Panca Sila. Tri Sila ingkang kapanggihaken inggih awujud sikap hidup mituhu ingkang salebeting mituhu nindakaken sariat Islam saha tanggeljawab dhateng putra. Bilih Panca Sila ingkang kapanggihaken inggih awujud sikap hidup rila, narima, sabar saha budi luhur. Wondene budi luhur taksih wonten peranganipun inggih ngurmati tiyang sanes, tulung tinulung, boten bedakaken pangkat, bekti dhateng tiyang sepuh saha welas asih.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | sikap hidup tiyang Jawi, nilai budaya, Sega Rames |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 05 May 2015 01:44 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 22:01 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18103 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |