DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Widada, Asmara Setya (2014) DAMEL MEDIA MAOS GEGURITAN MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS3 PROFESSIONAL KANGGE SISWA SMP KELAS VII. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Asmara Setya Widada 10205241064.pdf

Download (22MB) | Preview

Abstract

Panaliten punika gadhah ancas damel media pasinaon kanthi migunakaken Adobe Flash CS3 Professional saha ngandharaken pambijining kualitas media saking dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi sarta siswa kelas VII tumrap media pasinaon interaktif maos geguritan kanthi aplikasi Adobe Flash CS3. Panaliten punika jinisipun panaliten Research and Development (R&D). Panaliten punika dipuntindakaken kanthi gangsal tahap, inggih punika 1) tahap nganalisis, 2) tahap perancangan media, 3) tahap pengembangan media, 4) tahap validasi saha ujicoba media, saha 5) evaluasi saha produk akhir media. Asiling panaliten punika dipunandharaken saking asiling pambijining kualitas media pasinaon interaktif maos geguritan ingkang dipunlampahi mawi validasi saking dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi saha pamanggih siswa. Asiling validasi saking dosen ahli materi kagolong kategori “sae” kanthi prosentase 71%. Asiling validasi saking dosen ahli media kagolong kategori “sae sanget” kanthi prosentase 81%. Pambijining kualitas media saking guru basa Jawi kagolong kategori “sae” kanthi prosentase 78% saha layak dipunginakaken wonten pasinaon ing kelas. Wondene pamanggih siswa kagolong kategori “sarujuk sanget” kanthi prosentase 86%. Jumbuh kaliyan asiling panaliten media punika pramila media pasinaon interaktif maos geguritan punika saged dipunginakaken wonten ing pasinaon maos geguritan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Media Pasinaon, Adobe Flash CS 3, Maos Geguritan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 01:34
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18099

Actions (login required)

View Item View Item