REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING CERBUNG KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 15 SEPTEMBER 2012 – 29 JUNI 2013

Afifah, Anis (2014) REFERENSI EKSOFORA WONTEN ING CERBUNG KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN 15 SEPTEMBER 2012 – 29 JUNI 2013. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Anis Afifah 10205244054.pdf

Download (8MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika dipuntindakaken kanthi ancas kangge ngandharaken referensi eksofora wonten ing salebeting cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 – 29 Juni 2013. Panaliten menika ngandharaken jinis, wujud saha fungsi referensi eksofora wonten ing salebeting cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 – 29 Juni 2013. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Sumber data panaliten menika cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 – 29 Juni 2013. Data wonten panaliten menika awujud ukara ingkang ngewrat referensi eksofora. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis wacana. Teknik anggenipun ngempalaken data menika kanthi cara teknik maos saha teknik nyerat. Data dipunanalisis ngangge teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken wujud, jinis, saha fungsi referensi eksofora wonten ing salebeting cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 – 29 Juni 2013. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken validitas semantik kontekstual saha triangulasi teori, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) wujud referensi eksofora ingkang dipunpanggihaken wonten ing salebeting cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 – 29 Juni 2013, inggih menika awujud tembung saha frasa, (2) jinis referensi eksofora ingkang dipunpanggihaken inggih menika (a) referensi eksofora persona (b) referensi eksofora demonstratif : nedahaken papan, nedahaken prastawa saha nedahaken kawontenan (3) fungsi referensi eksofora wonten ing salebeting cerbung kalawarti Panjebar Semangat wedalan 15 September 2012 – 29 Juni 2013 ginanipun kangge nedaheken tiyang, nedahaken satunggaling papan, nedahaken satunggaling prastawa saha nedahaken satunggaling kawontenan. Sedaya menika nggayutaken teks kaliyan konteks ukaranipun saengga nuwuhaken makna ukaranipun cetha saha wetah.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: referensi eksofora, cerbung, panjebar semangat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 01:27
Last Modified: 02 Oct 2020 07:44
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18097

Actions (login required)

View Item View Item