ANALISIS MORFOSEMANTIK NAMA SEPUH WARGA DUSUN VII PURON, KELURAHAN TRIMURTI, KECAMATAN SRANDAKAN, KABUPATEN BANTUL

Windarto, Teguh (2014) ANALISIS MORFOSEMANTIK NAMA SEPUH WARGA DUSUN VII PURON, KELURAHAN TRIMURTI, KECAMATAN SRANDAKAN, KABUPATEN BANTUL. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Teguh Windarto 10205241052.pdf

Download (5MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken analisis morfosemantik nama sepuh. Panaliten menika ngrembag perkawis wujud satuan lingual, proses pandhapuking nama sepuh, tegesipun nama sepuh, saha dhasaripun paring nama sepuh warga Dusun VII Puron, Kelurahan Trimurti, Kecamatan Srandakan, Kabupaten Bantul. Panaliten menika ngginakaken jinis panaliten deskriptif. Sumberipun data pikantuk saking dokumen saha warga Dusun VII Puron, Kelurahan Trimurti, Kecamatan Srandakan, Kabupaten Bantul. Ing panaliten menika, data awujud tetembungan minangka nama sepuh warga Dusun VII Puron, Kelurahan Trimurti, Kecamatan Srandakan, Kabupaten Bantul. Caranipun ngempalaken data mawi dokumen, angket, saha wawancara. Caranipun analisis data ngginakaken analisis deskriptif. Cara ngesahaken data ngginakaken validitas semantik saha reliabilitas dipuntindakaken kanthi cara maos saha nganalisis kanthi dipunambali kaping kathah perkawis nama sepuh menika. Asiling panaliten gayut kaliyan wujuding tembung minangka nama sepuh warga Dusun VII Puron kaperang dados tiga inggih menika (1) setunggal tembung wujudipun tembung polimorfemis (2) kalih tembung wujudipun gabungan tembung monomorfemis & tembung polimorfemis, saha (3) tigang tembung wujudipun gabungan tembung monomorfemis & tembung polimorfemis. Dhasaripun paring nama sepuh maneka warni inggih menika pangajab, agami, kawibawan, nama alit, nama tiyang sepuh, nama mara sepuh, nama kakang saha nama garwanipun. Dhasaring paring nama wonten ingkang kadadosan saking setunggal unsur utawi langkung setunggal unsur. Warga ingkang kagungan nama sepuh wonten ingkang mangertos saha boten mangertos teges nama sepuhipun. Warga Dusun VII Puron kathah ingkang dereng mangertos saha boten mangertos teges nama sepuhipun. Warga kathah ingkang boten mangertos teges nama sepuhipun amargi 1) nama sepuh menika kathah ingkang namung dipunparingi dening tiyang sepuh utawi mara sepuh saengga boten mangertos teges sejatosipun, 2) migunakaken tembung ingkang dipunraos endah ananging boten mangertos tegesipun, saha 3) nama sepuh namung dipundamel supados beda kaliyan nama alit ananging boten nggatosaken teges wonten ing nama kasebut.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: analisis morfosemantik nama sepuh, proses pandhapuking nama sepuh, dhasaripun paring nama
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 May 2015 07:48
Last Modified: 29 Jan 2019 22:00
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18083

Actions (login required)

View Item View Item