Wulandari, Tuti (2014) MORFOLOGI TEMBUNG-TEMBUNG BASA JAWI KINA ING NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT ANGGITANIPUN R. TG. JASAWIDAGDA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Tuti Wulandari 09205244056.pdf Download (2MB) | Preview |
Abstract
Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken wujud, jinis, saha tegesipun tembung saking basa Jawi Kina ing novel Kirti Njunjung Drajat anggitanipun R. Tg. Jasawidagda. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data panaliten inggih menika ngengingi wujud, jinis, saha tegesipun tembung-tembung basa Jawi Kina. Sumber data-nipun inggih menika novel Kirti Njunjung Drajat anggitanipun R. Tg. Jasawidagda. Data panaliten menika dipuntliti kanthi analisis morfologi. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi cara maos saha nyathet. Data dipun-analisis ngginakaken teknik deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Data ngengingi tembung saking basa Jawi Kina ingkang dipun-analisis saged dipunandharaken kados makaten: (1) wujuding tembung saking basa Jawi Kina.Wujuding tembung saking basa Jawi Kina ingkang kapanggihaken wonten kalih warni, inggih menika (a) tembung lingga, saha (b) tembung andhahan. Saking kalih wujud tembung saking basa Jawi Kina ingkang langkung kathah kapanggihaken inggih menika tembung lingga. Lajeng ingkang kaping (2) jinis tembung saking basa Jawi Kina. Jinising tembung saking basa Jawi Kina kaperang dados nem warni, inggih menika; (a) tembung aran, (b) tembung kriya, (c) tembung kahanan, (d) tembung katrangan, (e) tembung wilangan, saha (f) partikel. Jinis tembung saking basa Jawi Kina ingkang kathah kapanggihaken inggih menika jinis tembung kriya. (3) tegesing tembung saking basa Jawi Kina.Tegesing tembung saking basa Jawi Kina ingkang kapanggihaken wonten nem, inggih menika tegesing tembung ing (a) tembung aran, (b) tembung kriya, (c) tembung kahanan, (d) tembung katrangan, (e) tembung wilangan, (f) partikel.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | tembung saking basa Jawi Kina, novel, Kirti Njunjung Drajat anggitanipun R. Tg. Jasawidagda |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 May 2015 07:40 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 22:00 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18078 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |