Nugroho, Fembri Bima (2014) HUMOR ING DEPOT SENI KIRUN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Fembri Bima Nugroho 10205244062.pdf Download (1MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika dipuntindakaken kanthi ancas kangge ngandharaken bab humor ing Depot Seni Kirun. Perkawis ingkang badhe kaandharaken inggih menika 1) wujud humor, 2) topik humor, saha 3) fungsi humor. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika sekawan video humor Depot Seni Kirun versi kaset. Data wonten panaliten menika awujud tembung, frasa, klausa saha ukara ingkang ngemot unsur humor. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik nyemak saha nyathet. Data dipunanalisis kanthi kalih tahap inggih menika analisis wiwitan (nyemak saha netepaken data ingkang kakempalaken lajeng nyathet ing kartu data) saha lanjutan (data dipunpantha – pantha miturut wujud, topik, saha fungsi humor). Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori, validitas semantik saha tetimbangan ahli, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data dipunginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken bilih wujud humor ing Depot Seni Kirun menika awujud humor setunggal larik, kalih larik, pawicantenan, awujud cariyos, puisi, keseleo lidah (salah ucap), definisi, interupsi, tolak bala, perpaduan antawisipun humor pawicantenan kaliyan humor keseleo lidah (salah ucap), perpaduan antawisipun humor pawicantenan kaliyan humor awujud cariyos, perpaduan antawisipun humor awujud cariyos kaliyan interupsi, perpaduan antawisipun humor awujud cariyos kaliyan tolak bala, saha perpaduan antawisipun humor puisi kaliyan humor keseleo lidah (salah ucap). Topik humor ing Depot Seni Kirun inggih menika humor panyaruwe, meringankan beban, panglipur, etnis, seks, saha pergaulan, perpaduan antawisipun humor panyaruwe kaliyan humor seks, perpaduan antawisipun humor meringankan beban kaliyan humor agami, saha perpaduan antawisipun humor etnis kaliyan humor seks. Fungsi humor ingkang kapanggihaken ing Depot Seni Kirun inggih menika kangge sarana panglipur, paring panyaruwe, kangge paring gagasan utawi pamrayogi, kangge mujudaken kawicaksanan utawi penyegaran, kangge paring kesadharan bilih tiyang sanes dereng temtu leres, saha kangge paring informasi.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | Humor, kirun |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 04 May 2015 07:22 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 22:00 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18068 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |