MEDIA PIWULANGAN NYEMAK GEGURITAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Ningrum, Dwi Retna (2014) MEDIA PIWULANGAN NYEMAK GEGURITAN KANTHI PROGRAM ADOBE FLASH CS5 KANGGE SISWA SMP KELAS VII. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dwi Retna Ningrum 10205241019.pdf

Download (21MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika, inggih menika kangge: (1) ngandharaken tahap-tahap damel media piwulangan nyemak geguritan kanthi program Adobe Flash CS5 kangge siswa SMP kelas VII, (2) ngandharaken kualitas media piwulangan nyemak geguritan dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, saha (3) ngandharaken pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas VII tumrap kualitas media piwulangan nyemak geguritan. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D), kanthi tahap (1) analisis, (2) desain media, (3) damel media, saha (4) validasi saha ujicoba. Produk media piwulangan menika dipunevaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi ngantos pikantuk kualitas media piwulangan ingkang sae saha layak dipunujicoba wonten ing sekolah. Salajengipun dipunlampahi pambiji dening guru basa Jawi sarta ujicoba media dhateng siswa. Cara ngempalaken data menika ngginakaken angket. Cara nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asilling panaliten inggih menika: (1) media dipundamel kanthi tahap analisis kurikulum saha kawontenan siswa SMPN 2 Depok, tahap desain media kanthi damel flowchart saha naskah media piwulangan, tahap damel layout media piwulangan wonten ing aplikasi Adobe Flash CS5, saha tahap validasi dhateng dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, sarta ujicoba dhateng siswa, (2) kualitas media dening dosen ahli materi ingkang kaperang dados kalih pikantuk rata-rata persentase 93%, ingkang kagolong kategori sae sanget, evaluasi dening dosen ahli media ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata persentase 80% ingkang kagolong sae, saha (3) pamanggih guru basa Jawi ngengingi media menika kagolong sae sanget ingkang pikantuk rata-rata persentase 90%, asiling angket pamanggih siswa tumrap panganggenipun media piwulangan nyemak geguritan menika pikantuk rata-rata persentase 82% ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Asiling panaliten kasebut nedahaken bilih media piwulangan nyemak geguritan menika saged narik kawigatosan siswa sarta saged nggampilaken siswa anggenipun nampi materi piwulangan nyemak geguritan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Media Piwulangan, Nyemak Geguritan, Adobe Flash CS5
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 04 May 2015 07:18
Last Modified: 29 Jan 2019 21:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18067

Actions (login required)

View Item View Item