PIWULANG MORAL WONTEN ING SERAT PAKELIRAN SEDALU NATAS LAKON KARNA TANDING ANGGITANIPUN SALAM PURWA SUTAPA

Hermanto, Habib (2015) PIWULANG MORAL WONTEN ING SERAT PAKELIRAN SEDALU NATAS LAKON KARNA TANDING ANGGITANIPUN SALAM PURWA SUTAPA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Habib Hermanto 09205244035.pdf

Download (33MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising piwulang moral saha cara ngandharaken piwulang moral wonten ing serat pakeliran sedalu natas Lakon Karna Tanding anggitanipun Salam Purwa Sutapa. Cara ngandharaken piwulang moral ing panaliten menika karembag kanthi cara langsung saha boten langsung. Cara langsung utawi eksplisit inggih menika pangripta ngandharaken piwulang moral dhumateng pamaos kanthi wujud deskripsi watek paraga, ginem saha pesen kanthi langsung ing cariyos. Cara boten langsung utawi implicit inggih menika pamaos dipunsuwun mendhet dudutan piyambak bab piwulang moral ingkang wonten ing sajroning cariyos. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung, frasa, ukara saha paragraf. Sumber datanipun inggih menika serat pakeliran sedalu natas Lakon Karna Tanding anggitanipun Salam Purwa Sutapa ingkang awujud buku. Cara kangge manggihaken data inggih menika kanthi teknik maos, nemtokaken unit analisis saha panyeratan data. Data dipunanalisis ngangge cara deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken jinising piwulang moral saha cara ngandharaken piwulang moral ing buku serat pakeliran sedalu natas Lakon Karna Tanding. Kangge ngesahaken data ngginakaken validitas saha reabilitas, wonten panaliten mneika ginakaken validitas semantis saha reliabilitas interrater. Wonten panaliten menika panaliti manggihaken 87 piwulang moral. Piwulang moral ingkang wonten gayutanipun tiyang kaliyan diri pribadi (sabar, iklas, lembah manah, mawas diri, waspada/ngantos – atos. Piwulang moral ingkang wonten gayutanipun tiyang kaliyan tiyang sanes/sosial (tanggung jawab, rukun, ngormati tiyang sanes, bebela dhumateng kautaman, eling becike tiyang sanes, atur pangaksama, ngayomi, atur panuwun dhumateng tiyang sanes, paring pangapura dhumateng sesami, rerembuga (Msyawarah), katresnan, atur panglipur dhumateng sesami, setya dhumateng, balas budi dhumateng tiyang sanes, tata krama tindak – tanduk/solah bawa, tata krama atur salam, tata krama atur pangabekti). Piwulang moral ingkang wonten gayutanipun tiyang kaliyan lingkungan/papan (papan suci). Piwulang moral ingkang wonten gayutanipun tiyang kaliyan Gusti Akarya Jagad (takdir, pasrah dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, atur syukur dhumateng Gusti, memuji dhumateng Gusti). Ing panaliten menika, cara ngandharaken piwulang moral kanthi cara langsung wonten 77 saha kanthi cara boten langsung wonten 10.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: piwulang moral, serat pakeliran sedalu natas lakon karna tanding
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 03:43
Last Modified: 29 Jan 2019 21:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16745

Actions (login required)

View Item View Item