KAJIAN FILOLOGI SAHA JINISING KATRÊSNAN DHATÊNG GARWA WONTÊN SÊRAT NGÈLMI PANGASIHAN

Widayanto, Anton Novi (2015) KAJIAN FILOLOGI SAHA JINISING KATRÊSNAN DHATÊNG GARWA WONTÊN SÊRAT NGÈLMI PANGASIHAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Anton Novi Widayanto 09205244060.pdf

Download (19MB) | Preview

Abstract

Ancasipun panalitèn mênika kanggé: (1) ngandharakên inventarisasi naskah SNP (2) ngandharakên kawontênaning naskah Sêrat Ngèlmi Pangasihan, (3) ndamêl transliterasi teks Sêrat Ngèlmi Pangasihan, (4) ndamêl suntingan teks Sêrat Ngèlmi Pangasihan. Salajêngipun, (5) ndamêl terjemahan teks Sêrat Ngèlmi Pangasihan, sarta (6) ngandharakên jinising katrêsnan dhatêng garwa wontên teks Sêrat Ngèlmi Pangasihan. Panalitèn mênika ngginakakên metode panalitèn deskriptif saha metode panalitèn filologi. Metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên naskah Sêrat Ngèlmi Pangasihan kanthi objektif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggambarakên naskah Sêrat Ngèlmi Pangasihan ingkang kasêrat mawi aksara Jawa cithak. Sumber data panalitèn mênika, naskah Sêrat Ngèlmi Pangasihan koleksi Museum Taman Siswa Dewantara Kirti Griya Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênika ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênika inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi, suntingan, saha terjemahan teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênika validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênika reliabilitas intraratter saha interratter. Asiling panalitèn mênika ngandharakên ênêm bab. Sapisan, kapanggihakên 3 eksemplar naskah kasêrat cithak. Kaping kalih, kawontênan naskah Sêrat Ngèlmi Pangasihan taksih saé, saha sêratanipun taksih sagêd kawaos. Katiga, transliterasi teks Sêrat Ngèlmi Pangasihan dipungarap kanthi ngéwahi sêratan aksara Jawa dhatêng aksara Latin adhêdhasar éjaan ingkang lumampah. Sakawan, suntingan teks ngginakakên metode suntingan teks edisi standar. Gangsal, terjemahan teks dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah saha terjemahan isi. Sadaya metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Wontên terjemahan teks, wontên têmbung-têmbung ingkang wontên cathêtan terjemahanipun kanggé nggampilakên nêgêsi têmbung-têmbung ingkang angèl ipunterjemah- akên kanthi kasêrat alternatif pemahanan-ipun. Ênêm, Sêrat Ngèlmi Pangasihan ngêwrat jinising katrêsnan dhatêng garwa inggih mênika,(1) katrêsnan jalêr dhatêng èstrinipun wontên teks SNP inggih mênika trêsna, ngomahi, ngayani, ngajèni, saha ngéman, saha (2) katrêsnan èstri dhatêng tiyang jalêripun wontên teks SNP inggih mênika bêkti, sumungkêm, mituhu, ngladosi, sêtya, rumêksa, mbiyantu, ngaji-aji, saha sumarah.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, serat ngelmi pangasihan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 03:37
Last Modified: 29 Jan 2019 21:12
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16739

Actions (login required)

View Item View Item