Putri, Ana Risqiana (2014) TEKNIK SPIDER MAP MINANGKA SARANA NGINDHAKAKEN KETRAMPILAN NYERAT PAWARTA BASA JAWI KELAS X SMA 2 BREBES. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Ana Risqiana Putri 10205241020.pdf Download (4MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngindhakaken proses saha prestasi ketrampilan nyerat pawarta basa Jawi kelas X IPS 4 SMA 2 Brebes kanthi ngginakaken teknik spider map. Teknik spider map salah satunggaling teknik kangge damel cengkorongan pawarta dados pawarta ingkang wetah. Saengga teknik kasebat saged mbiyantu guru saha siswa anggenipun pamulangan nyerat pawarta basa Jawi, satemah ancasing pamulangan saged kalaksanan, inggih menika saged ngindhakaken minat saha ketrampilan siswa anggenipun nyerat pawarta basa Jawi. Panaliten menika ngginakaken jinis panaliten Classroom Action Research. Papan panaliten wonten ing SMA 2 Brebes. Subjek panaliten menika siswa-siswa kelas X IPS 4 SMA 2 Brebes. Objek panaliten menika ketrampilan nyerat pawarta basa Jawi. Teknik ngempalaken dhata wonten tiga, observasi, catetan lapangan, saha tes nyerat pawarta. Pirantining panaliten ngginakaken lembar observasi, catetan lapangan, foto, sarta tes nyerat pawarta. Teknik analisis dhata ngginakaken teknik analisis deskriptif. Validitas panaliten ngginakaken tigang warni, proses,asil, saha demokratik. Reliablitas dhata ngginakaken teknik triangulasi metode. Asiling panaliten nedahaken menawi wonten owahing proses sarta prestasi siswa. Antusias siswa nalika pamulangan saya mindhak. Babagan menika saged katingal saking siswa saged madosi bahan pawarta. Siswa saya lancar anggenipun mekaraken cengkorongan pawarta, siswa ugi sampun purun nyatet materi ingkang penting. Mindhaking aspek aktif awujud taken saha mangsuli pitakenan saking guru, saged katingal saking, siswa sampun wantun maosaken pawarta saking pawarta ingkang kadamel dening piyambakipun. Mindhaking aspek serius saged katingal saking prilaku siswa nalika mekaraken cengkorongan pawarta dados pawarta. KKM basa Jawi kelas X SMA 2 Brebes inggih menika 75. Asiling prestasi nalika pre-test inggih menika 68,72, dene nalika siklus I dados 70,96. Siklus II, prestasi siswa dados 74,66 dene siklus III dados 81,68. Persentase mindhaking prestasi siklus I 3,25%. Siklus II 5,21%, saha siklus III mindhak dados 9,4%. Saking andharan kasebut nedahaken menawi teknik spider map saged ngindhakaken ketrampilan nyerat pawarta basa Jawi.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | ketrampilan nyerat, pawarta, teknik spider map |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 16 Apr 2015 03:31 |
Last Modified: | 29 Jan 2019 21:12 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16738 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |