KAJIAN FILOLOGI SAHA GEGARAN SANGKALAN ING SERAT CANDRAMEMET

Putri, Ekawati Rahayu (2015) KAJIAN FILOLOGI SAHA GEGARAN SANGKALAN ING SERAT CANDRAMEMET. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ekawati Rahayu Putri 10205241003.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken lampahing panaliten filologi saha gegaran sangkalan Serat Candramemet. Lampahing panaliten inggih menika: 1) ndamel inventarisasi naskah Serat Candramemet, 2) ngandharaken deskripsi naskah Serat Candramemet, 3) ndamel transliterasi utawi alih aksara, 4) ndamel suntingan teks Serat Candramemet, 5) ndamel terjemahan utawi alih basa teks Serat Candramemet, sarta 6) mangretosi gegaran sangkalan ingkang kaandharaken ing Serat Candramemet. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif saha metode panaliten filologi. Metode panaliten deskriptif dipunginakaken kangge nggambaraken naskah Serat Candramemet kanthi objektif. Metode panaliten filologi dipunginakaken kangge nggarap naskah Serat Candramemet ingkang kaserat mawi aksara Jawa cithak. Sumber data panaliten menika, naskah Serat Candramemet koleksi Museum Tembi Yogyakarta. Teknik ngempalaken data ing panaliten menika ngginakaken lampah panaliten filologi, inggih menika inventarisasi naskah, kawontenan (deskripsi) naskah, transliterasi, suntingan, terjemahan teks, saha analisis isining teks. Analisis data ngginakaken teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken, inggih menika validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakaken, inggih menika reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten menika ngandharaken enem bab. Sapisan, Serat Candramemet ingkang dipuntliti, inggih menika naskah ingkang kasimpen ing Perpustakaan Tembi Yogyakarta. Kaping kalih, kawontenan (deskripsi) naskah Serat Candramemet taksih sae saha seratanipun taksih saged kawaos. Kaping tiga, transliterasi naskah kadamel kanthi metode transliterasi standar, wondene sasampunipun ngewahi seratan aksara Jawa dhateng aksara Latin adhedhasar ejaan ingkang limrah. Sakawan, suntingan teks ngginakaken metode suntingan standar, wondene sadaya ewah-ewahan ing suntingan teks kaandharaken ing aparat kritik. Gangsal, terjemahan teks dipungarap kanthi ngginakaken metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, saha terjemahan bebas. Sadaya metode terjemahan kasebut dipungarap kanthi kontekstual. Enem, isining teks Serat Candramemet inggih menika gegaran sangkalan candramemet ingkang wonten sakawan cara.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, serat candramemet
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 03:07
Last Modified: 29 Jan 2019 21:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16731

Actions (login required)

View Item View Item