MEDIA DOLANAN “TELU DADI PARIKAN” NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII

Wicaksono, Prayoga (2015) MEDIA DOLANAN “TELU DADI PARIKAN” NGANGGE PROGRAM MACROMEDIA FLASH PROFESSIONAL 8 KANGGE SISWA SMP KELAS VII. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Prayoga Wicaksono 10205244046.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika, inggih menika (1) damel media dolanan telu dadi parikan kanthi program macromedia flash professional 8 kangge siswa SMP kelas VII, (2) ngandharaken kualitas media dolanan telu dadi parikan ingkang dipunkasilaken awujud software Macromedia Flash Professional 8, saha (3) ngandharaken pamanggih guru basa Jawi saha siswa tumrap media pasinaon telu dadi parikan kanthi program Macromedia Flash Professional 8 ingkang sampun dipunkasilaken. Panaliten menika kalebet jinis panaliten research and development (R&D), kanthi tataran (1) analisis, (2) desain media, (3) damel media, (4) validasi saha uji coba, saha (5) tataran revisi saha damel produk ingkang pungkasan. Produk media pasinaon menika dipunevaluasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media mawi validasi ngantos pikantuk kualitas media ingkang sae saha layak dipunuji coba wonten ing sekolah. Salajengipun dipuntindakaken pambiji dening guru basa Jawi sarta uji coba media dhateng siswa. Cara ngempalaken data migunakaken angket. Cara nganalisis data migunakaken analisis deskriptif, dipunlampahi kanthi cara ngandharaken asiling panaliten evaluasi kualitas media ingkang dipuncaosaken dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha pamanggih siswa. Asiling panaliten inggih menika: (1) media dipundamel kanthi tataran analisis, desain media, damel media, validasi saha uji coba, sarta tataran revisi saha damel produk ingkang pungkasan, (2) kualitas media dening dosen ahli kaperang dados kalih perangan, saking dosen ahli materi pikantuk rata-rata presentase 83,09% ingkang kagolong sae sanget, kualitas media dening dosen ahli media pikantuk rata-rata presentase 80% ingkang kagolong sae, saha (3) pambiji guru basa Jawi tumrap media pikantuk rata-rata persentase 87,09% ingkang kagolong sae sanget, wondene asiling angket pamanggih siswa tumrap panganggenipun media dolanan telu dadi parikan pikantuki rata-rata presentase 91,66% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media dolanan telu dadi parikan menika pikantuk pamanggih sae sanget saha sampun nyekapi sarat kualitas media ingkang sae, sarta saged narik kawigatosan siswa saha nggampilaken siswa anggenipun nyinau materi parikan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: macromedia flash professional 8, media dolanan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 03:02
Last Modified: 29 Jan 2019 21:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16728

Actions (login required)

View Item View Item