PIWULANG ING SALEBETING DOLANAN TRADHISIONAL ING KARANGANYAR KELURAHAN BRONTOKUSUMAN KECAMATAN MERGANGSAN YOGYAKARTA

Mubarok, Husni (2015) PIWULANG ING SALEBETING DOLANAN TRADHISIONAL ING KARANGANYAR KELURAHAN BRONTOKUSUMAN KECAMATAN MERGANGSAN YOGYAKARTA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Husni Mubarok 10205241025.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising dolanan tradhisional saha piwulang ing salebeting dolanan tradhisional ing Karanganyar Kelurahan Brontokusuman Kecamatan Mergangsan Yogyakarta. Dolanan tradhisional menika salah satunggaling wujud warisan budaya. Dolanan tradhisional taksih lestantun wonten ing pundi-pundi, mliginipun wonten ing Jawa. Salah satunggal tlatah ingkang taksih nglestantunaken dolanan tradhisional inggih menika wonten ing Karanganyar Kelurahan Brontokusuman Kecamatan Mergangsan Yogyakarta. Panaliten menika ngginakaken metode kualitatif. Papanipun panaliten wonten ing Karanganyar Kelurahan Brontokusuman Kecamatan Mergangsan Yogyakarta. Panaliti pados data kanthi cara wawancara, nyuwun pirsa dhumateng informan. Informan dipuntemtokaken kanthi cara teknik snowballing. Sumber data saking human sources kaliyan non human sourches. Sumber data saking human sources inggih menika data saking informan, menawi sumber data non human sources inggih menika awujud gambar-gambar foto, catatan, kaliyan asiling wawancara. Caranipun analisis data inggih menika kanthi cara induktif, lumantar triangulasi. Asiling panaliten dolanan tradhisional ingkang taksih lestantun wonten ing Karanganyar Kelurahan Brontokusuman Kecamatan Mergangsan Yogyakarta menika nedahaken bilih: (1) jinising dolanan tradhisional. Jinising dolanan tradhisional menika kaperang miturut saking lare ingkang dolanan, wekdal, pirantos saha iringanipun. Wonten dolanan tradisional ingkang kangge piyambak wonten ugi dolanan ingkang kangge sareng-sareng, (2) asiling panaliten ingkang nedahaken wonten ing salebeting dolanan tradhisional menika wonten piwulangipun. Wonten mapinten-pinten piwulang ingkang saged dipunpendhet. Piwulangipun gegayutan antawis priyantun kaliyan Gusti Allah, antawisipun priyantun setunggal kaliyan priyantun sanes utawi masarakat, kaliyan kangge pribadinipun piyambak.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: dolanan tradhisional, brontokusuman
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 02:44
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16725

Actions (login required)

View Item View Item