FUNGSI SIMULFIKS KANGGE NGGAMBARAKEN CITRA PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA

Kurniawan, Rizki (2015) FUNGSI SIMULFIKS KANGGE NGGAMBARAKEN CITRA PARAGA UTAMA WONTEN ING NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Rizki Kurniawan 09205244061.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken fungsi Simulfiks kangge nggambaraken Citra paraga utama wonten ing novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika ngandharaken wujudipun simulfiks, makna simulfiks kangge nggambaraken citra paraga utama, kaliyan fungsi simulfiks ingkang nggambaraken Citra paraga utama wonten ing novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung, frase, kaliyan langkung jangkep ukara ingkang ngewrat wuwuhan simulfiks salebeting novel Cintrong Paju-Pat. Data dipunpanggihaken kanthi teknik maos saha teknik nyathet. Cara kangge nganalisis data inggih menika ngginakaken teknik analisis deskriptif. Panaliten menika ngginakaken validitas semantik, saha reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud simulfiks, makna simulfiks, saha fungsi simulfiks ingkang nggambaraken citra paraga utama wonten novel Cintrong Paju-Pat. Wujudipun simulfiks wonten 12 inggih menika N‒ i, N‒ aké, N‒ a, N‒ é, di‒ i, di‒ aké, di‒ ana, dak‒ i, dak‒ aké, sa‒ é, pa‒ an, saha kami‒ en. Makna simulfiks wonten 18 antawisipun nindakaken pakaryan kados tembung lingga dhateng objek-ipun, nindakaken pakaryan kados tembung lingganipun kanthi cara ngambal-ambali, nindakaken pakaryan kados tembung lingganipun kangge tiyang sanes, ndhawuhi tiyang sanes supados nindakaken pakaryan kados tembung lingganipun, nedahaken papan panggonan, nedahaken makna cacah, wekdal, (subjek) dipundados-aken sasaran pakaryan tembung lingganipun, umpamanipun menapa ingkang dipunsebat wonten tembung lingga dipunlampahi, nerangaken kula nindakaken pakaryan tembung lingganipun kangge tiyang sanes, (subjek) ngalami kahanan kados ingkang dipunsebataken wonten tembung lingganipun, nerangakè tumindak kados tembung lingganipun dipunlampahi tiyang sanes, (subjek) ngalami kahanan kados ingkang dipunsebataken wonten wujud lingganipun, nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun, saha makna sapanunggalanipun dipunandharaken salebeting panaliten menika. Fungsi simulfiks ingkang dipunpanggihaken wonten ing novel Cintrong Paju-Pat inggih menika andhapuk tembung kriya pasif, tembung kriya aktif transitif, tembung nomina, tembung adverbia, saha tembung kriya repetitif.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: simulfiks, novel cintrong paju-pat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 02:34
Last Modified: 29 Jan 2019 21:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16720

Actions (login required)

View Item View Item