PANAMBANG ING CERKAK WONTEN KALAWARTI SEMPULUR WARSA 2011-2012

Astuti, Shinta Dwi Fitri (2015) PANAMBANG ING CERKAK WONTEN KALAWARTI SEMPULUR WARSA 2011-2012. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Shinta Dwi Fitri Astuti 09205244075.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah kalih ancasipun panaliten ingkang sapisan inggih menika panaliten kangge ngandharaken wujudipun panambang ing cerkak wonten kalawarti sempulur warsa 2011-2012. Kaping kalih inggih menika panaliten kangge ngandharaken ginanipun panambang ing cerkak wonten kalawarti sempulur warsa 2011-2012. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumbe data ingkang dipunginakaken inggih menika cerkak kalawarti sempulur warsa 2011-2012. Data saking panaliten menika awujud panambang. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Data dipungarap kanthi cara analisis deskriptif. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha pamanggihipun para ahli, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika wujudipun data panambang wonten ing cerkak kalawarti Sempulur warsa 2011-2012, data ingkang dipunpanggihaken inggih menika ukara-ukara, salajengipun dipunklasifikasi supados saged nemtokaken wujud saha ginanipun panambang. Cerkak ingkang dipuntliti wonten enem (6) cerkak ingkang kaperang dados sekawan edisi. Asiling panaliten dipunlebetaken wonten ing tabel data analisis. Saking panaliten menika wonten gangsal (5) panambang inggih menika awujud polimorfemis panambang {-e/-ne} tuladhanipun tembung atine, tembung atine menika ndhapuk tembung aran. Awujud polimorfemis panambang {-i/-ni} tuladhanipun tembung nesoni, tembung nesoni menika ndhapuk tembung kriya. Awujud polimorfemis panambang {-a} tuladhanipun tembung metua, tembung metua menika ndhapuk tembung kriya. awujud polimorfemis panambang {-an} tuladhanipun subuhan, tembung subuhan menika ndhapuk tembung kriya saha awujud polimorfemis panambang {-na} tuladhanipun cepakna, tembung cepakna menika ndhapuk tembung kriya.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: cerkak, kalawarti sempulur
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 02:27
Last Modified: 02 Oct 2020 08:40
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16715

Actions (login required)

View Item View Item