HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014

Yanasari, Ufi Azmi Efi (2015) HUBUNGAN MAKNA KAUSALITAS ING RUBRIK PANGUDARASA KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN JANUARI-JUNI 2014. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ufi Azmi Efi Yanasari 10205244053.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken hubungan makna kausalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Panaliten menika ngandharaken jinis hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi saha pola hubungan makna kausalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Panaliten menika ngginakaken jinis panaliten deskriptif. Sumber data panaliten inggih menika Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Data wonten panaliten menika awujud ukara saha paragraf ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas. Panaliten menika dipuntliti kanthi migunakaken analisis wacana. Teknik anggenipun ngempalaken data kanthi migunakaken teknik maos saha teknik nyerat. Data dipunanalisis ngangge teknik deskriptif, inggih menika panaliti ngandharaken jinis hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi saha pola hubungan makna kausalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Kangge manggihaken validitas data, panaliten menika ngginakaken validitas semantik kontekstual saha triangulasi teori, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) jinis hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana ingkang dipunpanggihaken ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 wonten 7 jinis, inggih menika a) hubungan makna kausalitas wacana politik, b) hubungan makna kausalitas wacana sosial, c) hubungan makna kausalitas wacana budaya, d) hubungan makna kausalitas wacana ekonomi e) hubungan makna kausalitas wacana hukum saha kriminalitas, f) hubungan makna kausalitas wacana olahraga saha kasarasan, g) hubungan makna kausalitas wacana pendidikan. 2) Fungsi hubungan makna kuasalitas ingkang dipunpanggihaken ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 wonten 4, inggih menika a) fungsi informatif, b) fungsi panyaruwe, c) fungsi pamrayogi, d) fungsi pangajeng-ajeng. 3) Pola hubungan makna kausalitas ingkang dipunpanggihaken ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 wonten 2, inggih menika a) pola eksplisit saha b) pola implisit.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: makna kausalitas, panjebar semangat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 02:21
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16711

Actions (login required)

View Item View Item