ADVERBIA VERBA BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK JAGAD JAWA KORAN SOLOPOS WEDALAN SEPTEMBER-DESEMBER 2013

Utami, Latifa Nur Rizqi (2015) ADVERBIA VERBA BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CERKAK JAGAD JAWA KORAN SOLOPOS WEDALAN SEPTEMBER-DESEMBER 2013. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Latifa Nur Rizqi Utami 10205241008.pdf

Download (170MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken tembung adverbial verba basa Jawi wonten ing rubrik cerkak Jagad Jawa Koran Solopos wedalan September-Desember 2013. Pirembagan panaliten menika adhedhasar wujud saha tegesing tembung adverbial verba. Panaliten menika migunakaken jinis panaliten deskriptif. Data panaliten awujud ukara-ukara ingkang nedahaken panganggening tembung adverbial verba basa Jawi ing rubrik cerkak Jagad Jawa Solopos. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika migunakaken teknik maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika panaliti sarta kartu panyerat data. Data ingkang sampun kapanggihaken dipunanalisis lajeng kaandharaken mawi teknik deskriptif. Caranipun ngesahaken data lumantar validitas teori inggih menika proses triangulasi teori, ugi migunakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika nedahaken bilih wujud tembung adverbial verba basa Jawi kaperang dados 2 inggih menika monomorfemis saha polimorfemis. Tembung adverbia verba ingkang awujud monomorfemis saged kaperang dados kalih inggih menika morfem asal saha morfem unik. Tembung adverbia verba ingkang awujud polimorfemis kaperang dados sekawan wujud inggih menika adverbia berafiks (ater-ater/ prefiks {n-, ng-, m-}, seselan/ infiks {-in}, panambang/ sufiks {-ne}, {-e}, {-an}, konfiks{sa-/-e}, simulfiks{sa-/-ne}, {ny-/- i}), adverbia ulang (dwilingga, dwilingga salin swara,dwilingga semu), adverbia gabung saha adverbia kombinasi (ulang penuh+afiks).Wujuding tembung adverbial verba menika saged kapanggihaken teges cacah 15 inggih menika badhe tumindak, wiwit tumindak, nembe tumindak, sampun tumindak, asring tumindak, temening tumindak, rangu-ranguning tumindak, kedah tumindak, cara tumindak, katrangan kualitatif negatif, katrangan kualitatif boten kirang saha boten langkung, katrangan kualitatif langkung, katrangan ukuran, pikantuk tumindak, saha katrangan piwatesan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Adverbia Verba, Wujud Adverbia Verba, Teges Adverbia Verba
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 02:13
Last Modified: 29 Jan 2019 21:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16700

Actions (login required)

View Item View Item