KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA)

Bilad, Jundika Al Imroatuzzarotul (2015) KONFLIK PSIKIS PARAGATAMA ING NOVEL WEDHUS GEMBEL GUNUNG MERAPI ANGGITANIPUN SUCI HADI SUWITA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Jundika Al I B 10205241009.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngrembag babagan perwatakan saha konflik psikis paragatama wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita. Panaliten menika ngandharaken perwatakan, konflik psikis, perkawis ingkang njalari konflik psikis, saha cara anggenipun ngadhepi konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif ingkang migunakaken pendekatan psikologi sastra. Data saking panaliten menika awujud teks ingkang nedahaken babagan perwatakan saha konflik psikis. Sumber datanipun saking novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita. Data dipunpanggihaken kanthi teknik maos saha nyerat. Caranipun nganalisis data migunakaken teknik deskriptif, kanthi cara: (1) kategorisasi, (2) tabulasi, (3) interpretasi, saha (4) inferensi. Panaliten menika migunakaken validitas semantik, inggih menika nafsiraken data saha migunakaken reliabilihtas intrarater saha interrater. Perwatakan ingkang dipungadhahi dening paraga Darmini wonten ing novel Wedhus Gembel Gunung Merapi anggitanipun Suci Hadi Suwita inggih menika prasaja, sopan, rendah diri, pasrah, purun nggatosaken, rumaos eling, gampil paring pangapunten/ pemaaf, lugu, narima, gadhah raos ingin tahu, ngayomi/ ngemong, hormat, saged dipunpitados/ amanah, rumangsan/ sadhar diri, sregep, welas asih, ngertos balas budi, mboten pengin urus/ masa bodoh, nurut/ patuh, setya bekti. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Darmini inggih menika was sumelang, ajrih, sedhih, kaget, duka, isin, kesengsem, gugup, penasaran, cubriya, bingung. Perkawis ingkang njalari konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Darmini wonten kathah, kadosta Salim mlebet Griya Sakit, menawi kaluwarganipun Salim boten sarujuk tumrap Darmini ingkang badhe dipunajak Salim gesang bebrayan, Darmini badhe ketabrak montor, Warti sowan dhateng dalemipun Darmini, saha Warti ketingal gadhah sesambungan kaliyan Salim, Cara kangge ngadhepei konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paraga Darmini migunakaken mekanisme pertahanan ego awujud regresi, apatis, represi, asikep rasional, agresi, mlebet wonten donya khayal (fantasi), saha pengalihan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: konflik psikis, novel wedhus gembel gunung merapi, psikologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 01:57
Last Modified: 19 Oct 2020 05:09
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16697

Actions (login required)

View Item View Item