DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS

Ekaningtyas, Melynda (2015) DAMEL MEDIA PASINAON NYEMAK PAWARTOS MAWI OPERATIONAL SYSTEM ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA KELAS XSEKOLAH MENENGAH ATAS. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img] Text
Melynda E 11205244053.rar

Download (7MB)

Abstract

Panaliten menika gadhah tigang ancas.Ancas sepisan ngandharaken caranipun damel media pasinaon nyemak pawartos mawi operational system android mobile.Ancas kaping kalih ngandharaken kualitas media ingkang dipunbiji dening dosen ahlimateri saha dosen ahli media. Ancas kaping tiga ngandharaken pambiji saha pamanggih guru basa Jawi lan siswa tumrap panganggening media menika. Panaliten menika kalebet jinising panaliten Research and Development (R&D).Tataran-tataran ingkang dipunlampahi wonten panaliten inggih menika: analisis, damel rancangan media pasinaon, damel mediapasinaon, validasi saha ujicoba media pasinaon, sahatataranpungkasaning media. Uji kelayakan tumrap media menika dipuntindakaken kanthi validasi dosen ahli materi saha ahli media. Cara ngempalaken data wonten panaliten menika mawi angket. Analisis data dipuntindakaken kanthi analisis deskriptif. Asiling panaliten nedahaken bilih cara damel mediapasinaon kaperang dados gangsal tataran.Sepisananalisis kurikulum saha kabetahan siswa.Kaping kalihdamel rancangan media pasinaon awujud flowchart.Kaping tiga damel mediapasinaon.Kaping sekawanvalidasi&ujicoba media pasinaon. Saha tataran pungkasan revisilan produk akhirmedia.Validasikualitasmediapasinaonpawartos dening dosen ahli materi saha dosen ahli media.Asiling validasikualitas mediadening dosen ahli materi pikantuk biji 83,5%, kalebet kategori sae. Asiling validasikualitas media saking dosen ahlimediapikantuk biji 80%, kalebet kategori sae. Asiling pambiji guru basa Jawi lan pamanggih siswa tumrap mediapasinaonpawartos, inggih menika pambiji guru basa Jawi tumrap kualitas media,kalebetkategorisae kanthibiji 80%. Asiling pambiji pamanggih siswa saking ujicoba, pikantuk biji 82,9%, kalebetkategori sarujuk. Adhedhasarvalidasikualitasmedia dening dosen ahli materi, dosen ahlimedia, guru basa Jawi, saha angket pamanggihsiswarata-rata sedayanipun pikantuk 85,025%. Persentase kasebut kalebet kategori sae sanget.Jumbuh kaliyan asiling panaliten kasebut, saged dipuntegesi bilih media pasinaon nyemak pawartos menika saged paring pambiyantu tumrap lampahing pasinaon mliginipun pasinaon nyemak pawartos. Cara panganggening media menika wonten handphone android inggih menika kanthi download rumiyin aplikasi swf player saha flash player wonten playstore, lajeng media sampun saged dipunputer kanthi milih media ing salebetipun aplikasi swf player.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: operasional system android mobile, media pasinaon
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 01:43
Last Modified: 19 Oct 2020 05:51
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16650

Actions (login required)

View Item View Item