PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA

Leksono, Budi Wiji (2015) PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Budi Wiji Leksono 10205244012.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud saha makna pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita. Pepindhan, inggih menika salah satungggaling jinis bahasa kias ingkang ngewrat tembung panandhing, ingkang dipunandharaken kanthi eksplisit. Dene tembung ingkang dados tembung panandhingipun, inggih menika kaya, kadi, lir, pindha, kadya, lsp. Wujud ing panaliten menika karembag kanthi cara madosi gegayutan antawisipun bab ingkang katandhingaken saha bab ingkang dados panandhingipun. Subjeking panaliten, inggih menika novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping ingkang kaandharaken mawi basa Jawi ngoko. Panaliten menika ngrembag pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping, mliginipun ingkang gayut kalihan wujud saha makna saking pepindhan kasebat. Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Instrumen ing panaliten awujud kertu data saha kertu analisis. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi teknik analisis stilistika lan kaandharaken kanthi deskrpitif. Caranipun ngesahaken data ing panaliten menika mawi validitas (semantis lan expert judgement) lan reliabilitas intra-rater. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) wujud bahasa kias simile, ing antawisipun bab ingkang katandhing saha bab panandhing dipunpanggihaken wontenipun bab ingkang gegayutan. Gegayutan ingkang dipunpanggihaken, inggih menika ing bab wujud, warni, wujud saha warni, solah, raos, sipat, saha swanten, (2) makna pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita sampun mujudaken makna kias. Makna kias ing novel saged dipunmangertosi kanthi nggatosaken konteks-ipun lajeng dipunanalisis kangge manggihaken makna ingkang dipunkajengaken dening panganggit. Makna ingkang dipunpanggihaken umumipun paring gambaran kawontenan (wujud, warni, wujud saha warni), solah, pangraos (badan saha manah), nasib, saha swanten. Nanging gegambaran tumrap pangraos, mliginipun pangraosing manah ingkang sipatipun sarwi boten sakeca gunggungipun langkung kathah. Bab menika temtu kemawon wonten gayutipun kalihan Kidung Wengi Ing Gunung Gamping.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: novel kidung wengi ing gunung gamping, pepindhan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 03:52
Last Modified: 24 Sep 2020 04:13
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16649

Actions (login required)

View Item View Item