MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X

Fitriana, Eliya Banu (2015) MUJUDAKEN MEDIA NYEMAK PANGANGGENING BASA ING SEKOLAH MAWI ANDROID MOBILE TUMRAP SISWA SMA KELAS X. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Eliya Banu F 09205241042.pdf

Download (6MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika: ancas sepisan ngandharaken tahap-tahap damel media pasinaon nyemak panganggening basa mawi Program Android Mobile tumrap siswa SMA kelas X. Ancas kaping kalih ngandharaken kualitas media adhedhasar pambiji saking dosen ahli materi saha dosen ahli media. Ancas kaping tiga ngandharaken pamanggihipun guru basa Jawi kaliyan siswa kelas X SMA tumrap panganggenipun media menika. Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode Research and Development (R&D) kanthi model prosedural. Wonten gangsal tahap ingkang dipunlampahi kangge damel produk media pasinaon, inggih menika (1) tahap analisis kurikulum saha observasi; (2) tahap desain media; (3) tahap damel produk media; (4) tahap validasi saha uji coba; (5) tahap pungkasaning media. Caranipun ngempalaken data mawi angket. Caranipun analisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) tahap damel media pasinaon kaperang dados gangsal tahap inggih menika (a) tahap analisis kurikulum, kawontenan siswa saha kabetahan media; (b) tahap damel desain media kanthi mujudaken flowchart saha story board; (c) tahap damel media kanthi mujudaken story board dhateng Pemrograman Android Mobile; (d) tahap validasi saha uji coba media kanthi nyuwunaken biji saking dosen ahli materi saha dosen ahli media ngantos pikantuk asil kualitas media ingkang sae saha layak dipunuji coba dhateng sekolahan. Sasampunipun dipunrevisi jumbuh kaliyan pamrayogi dosen ahli materi saha dosen ahli media, media dipunsuwunaken biji dhateng guru basa Jawi saha dipunuji coba dhateng siswa SMA; (e) tahap pungkasaning media dipunpikantuk sasampunipun sedaya tahap damel produk media pasinaon dipuntindakaken saha produk media samapta minangka alternatife media pasinaon tumrap siswa SMA kelas X. (2) pambiji kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji 80% ingkang kagolong kategori sae, pambiji kualitas media dening dosen ahli media pikantuk biji 83% ingkang kagolong kategori sae sanget, saha (3) pambiji guru basa Jawi SMA Negeri 2 Yogyakarta tumrap media pasinaon pikantuk biji 86% ingkang kagolong kategori sae sanget, asiling angket pamanggih siswa SMA kelas X PPMIA-4 tumrap media pasinaon nyemak panganggening basa pikantuk biji 81,59% ingkang kagolong kategori sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media pasinaon nyemak panganggening basa menika saged dipunginakaken kangge pasinaon undha-usuk basa saha paring pambiyantu dhateng siswa kangge sinau bab panganggening basa.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media nyemak, android mobile
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Pendidikan Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 16 Apr 2015 01:50
Last Modified: 19 Oct 2020 06:33
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16175

Actions (login required)

View Item View Item