TINDAK TUTUR EKSPRESIF WONTEN ING ANTOLOGI CERKAK MARUKU ANGGITANIPUN TITIK RENGGANI

Mayangsari, Larasati (2015) TINDAK TUTUR EKSPRESIF WONTEN ING ANTOLOGI CERKAK MARUKU ANGGITANIPUN TITIK RENGGANI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Larasati Mayangsari 10205244064.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika dipuntindakaken kanthi ancas kangge ngandharaken bab Tindak tutur ekspresif wonten ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani. Perkawis ingkang badhe kaandharaken inggih menika 1) jinis ukara Tindak tutur ekspresif wonten ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani, 2) wujud titikan Tindak tutur ekspresif wonten ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani, saha 3) fungsi Tindak tutur ekspresif wonten ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Data wonten panaliten menika awujud tembung, frasa, klausa saha ukara ingkang ngemot Tindak tutur ekspresif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik maos saha nyerat. Data dipunanalisis kanthi analisi deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas expert judgement, validitas semantik, saha validitas triangulasi teori, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data dipunginakaken reliabilitas intrarater. Asiling panaliten menika ngandharaken bilih jinis ukara Tindak tutur ekspresif wonten ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani menika awujud ukara carita, ukara pitakon, ukara pakon. Ukara carita kangge ancas carita saha kangge ancas pakon. Ukara pitakon kangge ancas pitakon saha kangge ancas pakon. Ukara pakon kangge ancas pakon. Wujud titikan Tindak tutur ekspresif wonten ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani inggih menika awujud tembung, frasa, klausa, saha ukara. Fungsi Tindak tutur ekspresif ingkang kapanggihaken wonten ing Antologi Cerkak Maruku anggitanipun Titik Renggani gayut kaliyan jinis ukaranipun inggih menika Tindak tutur ekspresif jinis ukara carita kangge ancas carita gadhah fungsi kangge ngandharaken panuwun, simpati nderek mangayubagya, tumindhak ajrih, simpati nderek sedhih, tumindhak pasarujukan, tumindhak duka, tumindhak bingah, pangajeng-ajeng, salam, tumindhak sedhih, tumindhak kaget, tumindhak kisinan. Tindak tutur ekspresif jinis ukara carita kangge ancas pakon gadhah fungsi kangge ngandharaken tumindhak nolak. Tindak tutur ekspresif jinis ukara pitakon kangge ancas pitakon gadhah ancas kangge ngandharaken tumindhak ajrih, pangajengajeng, tumindhak sedhih, tumindhak kaget. Tindak tutur ekspresif jinis ukara pitakon kangge ancas pakon gadhah fungsi kangge ngandharaken tumindhak duka, nyuwun pangapunten, panantang. Tindak tutur ekspresif jinis ukara pakon gadhah fungsi kangge ngandharaken nyuwun pangapunten, simpati nderek sedhih, tumindhak duka.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Tindak Tutur Ekspresif, Antologi Cerkak Maruku
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 10 Apr 2015 06:55
Last Modified: 29 Jan 2019 20:40
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/15928

Actions (login required)

View Item View Item