SIKAP HIDUP TIYANG JAWI WONTEN ING SEDASA CARIYOS DONGENG SAKING BANDHA WARISAN ANTOLOGI DONGENG JAWA

Sari, Arista Kurnia (2015) SIKAP HIDUP TIYANG JAWI WONTEN ING SEDASA CARIYOS DONGENG SAKING BANDHA WARISAN ANTOLOGI DONGENG JAWA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Arista Kurnia S 10205241030.pdf

Download (82MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge mangertosi kadospundi sikap hidup tiyang Jawi wonten ing sedasa cariyos dongeng saking Bandha Warisan Antologi Dongeng Jawa. Panaliten menika ngandharaken wujud sikap hidup tiyang Jawi saha cara ngandharaken sikap hidup tiyang Jawi. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif kualitatif. Data panaliten awujud ukara-ukara ingkang nedahaken sikap hidup tiyang Jawi saha cara ngandharaken sikap hidup tiyang Jawi. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika migunakaken teknik maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika panaliti sarta kartu data. Data ingkang sampun kapanggihaken dipunanalisis lajeng kaandharaken mawi teknik deskriptif. Panaliti migunakaken validitas semantis kangge manggihaken data ingkang valid, lajeng kangge manggihaken reliabilitas, panaliti migunakaken reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih jinising sikap hidup tiyang Jawi wonten ing sedasa cariyos dongeng saking buku Bandha Warisan Antologi Dongeng Jawa kapanggihaken wonten kalih jinis. Jinis ingkang sepisan inggih menika Tri Sila ingkang kapanggihaken awujud eling, pracaya, saha mituhu. Jinis ingkang kaping kalih inggih menika Panca Sila ingkang kapanggihaken wonten gangsal wujud sikap hidup inggih menika rila, narima, sabar, saha budi luhur. Sikap hidup budi luhur kapanggihaken wonten gangsal inggih menika ngurmati tiyang sanes, welas asih, paring pambiyantu tiyang sanes, tanggel jawab dhateng kulawarga, saha bekti dhateng tiyang sepuh. Caranipun ngandharaken sikap hidup tiyang Jawi wonten ing panaliten menika wonten kalih cara, inggih menika kanthi cara langsung saha boten langsung.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Sikap Hidup Tiyang Jawi, Cara Ngandharaken, Bandha Warisan Antologi Dongeng Jawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 10 Apr 2015 06:42
Last Modified: 29 Jan 2019 20:40
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/15923

Actions (login required)

View Item View Item