TEMBUNG PANGUWUH WONTEN ING ANTOLOGI CERKAK BENGKEL SASTRA JAWA 2007: KIDUNG MEGATRUH

Irawati, Tri (2015) TEMBUNG PANGUWUH WONTEN ING ANTOLOGI CERKAK BENGKEL SASTRA JAWA 2007: KIDUNG MEGATRUH. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Tri Irawati 10205244052.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten katindakaken kangge ngandharaken babagan tembung panguwuh wonten salebeting Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Perkawis ingkang badhe kaandharaken inggih menika: 1) wujud, 2) jinis, saha 3) tegesipun tembung panguwuh. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika Antologi Cerkak Bengkel Sastra Jawa 2007: Kidung Megatruh. Data wonten panaliten menika awujud tembung ingkang jinisipun tembung panguwuh. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik maos saha nyathet. Data dipunanalisis kanthi kalih tataran inggih menika analisis tataran kapisan saha analisis tataran kaping kalih. Analisis tataran kapisan kantindakaken kanthi maos; manggihaken data lajeng dipuntetepaken miturut wujud, jinis, saha teges tembung panguwuh; lajeng data ingkang sampun kapanggihaken dipunserat wonten ing kertu data. Analisis tataran kaping kalih inggih menika data dipunpantha-pantha miturut wujud, jinis, saha tegesipun tembung panguwuh. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori, validitas semantik saha tetimbangan ahli, lajeng kangge netepaken reliabilitas data dipunginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujudipun tembung panguwuh wonten kalih, inggih menika tembung panguwuh primer saha sekunder. Tembung panguwuh primer ingkang kapanggihaken inggih menika kanthi pola fonotaktis: V, VK, KV, KVV, KVK, KK, KKV, KKVK, saha KKK. Tembung panguwuh sekunder ingkang kapanggihaken inggih menika kanthi wujud tembung saha frase. Jinisipun tembung panguwuh ingkang kapanggihaken kanthi jinis: seruan utawi panggilan nyuwun kawigatosan, kuciwa utawi keduwung, kaget, lega utawi sukur, kagum utawi puwas, sakit, sedhih, gegayuhan, gumun, ngajak, nesu utawi makian, guyon, boten mangertos, ngece, gela, ajrih, pakon, enget (ngenget) dhateng satunggaling babagan, ngengetaken, paham, pasarujukan, bingung, paring pangertosan, boten pitados, kepengin mangertos kanthi sanget, pembenaran, menging, lingsem, mungkasi wicantenan, boten tahan, boten ngaken, boten sarujuk, rangu-rangu, saha panyuwunan kanthi sanget. Tegesipun tembung panguwuh ingkang kapanggihaken kanthi teges: gumun, boten sarujuk, sarujuk, ajrih, ngece, kagum, sakit, bingah, kaget, panyuwunan kawigatosan, rangu-rangu, enget (ngenget) dhateng satunggaling babagan, sedhih, boten tahan, menging, ngajak, umuk, ngengetaken, boten mangertos, bingung, pembenaran, kuciwa utawi keduwung, paring pangertosan, lingsem, boten pitados, lega, pangarep-arep, boten ngaken, gela, guyon, kepengin mangertos kanthi sanget, panyuwunan kanthi sanget, saha paham.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Antologi Cerkak, Kidung Megatruh
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 10 Apr 2015 06:22
Last Modified: 29 Jan 2019 20:40
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/15912

Actions (login required)

View Item View Item