Syarifatun, Uun (2017) ANTONIM WONTEN ING ANTOLOGI NOVEL MARUKU. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
FULL SKRIPSI PDF.pdf Download (1MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken babagan antonim wonten ing antologi novel Maruku. Datanipun awujud tembung, frase saha ukara. Ingkang badhe kaandharaken inggih menika : 1) wujudipun antonim, 2) tipe-tipe antonim, saha 3) tegesipun tembung antonim. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber datanipun inggih menika antologi novel Maruku. Data ing panaliten menika awujud pasangan antonim ingkang wujudipun tembung, frasa saha ukara. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik maos saha nyathet. Caranipun nganalisis data ing panaliten menika kanthi metode deskriptif. Datanipun antonim kanthi ngandharaken wujud, tipe saha tegesipun antonim. Salajengipun, reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik. Asiling panaliten menika ngandharaken wujudipun antonim wonten ing antologi novel Maruku wonten tiga, inggih menika antonim wujud tembung, antonim wujud frasa saha antonim wujud ukara. Tipenipun antonim ingkang kapanggihaken wonten sekawan, inggih menika antonim tipe majemuk, antonim tipe gradual, antonim tipe berjenjang saha antonim tipe khusus. Tegesipun tembung antonim ing panaliten menika arupi teges gramatikal pramila anggenipun pados tegesipun adhedhasar konteks ukaranipun.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Galang Prastowo |
Date Deposited: | 02 Oct 2020 07:01 |
Last Modified: | 02 Oct 2020 07:01 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69141 |
Actions (login required)
View Item |