KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT GÊMBRING BARING

Setiono, Baktya Tri (2014) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT GÊMBRING BARING. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Baktya Tri Setiono 10205241006.pdf

Download (33MB) | Preview

Abstract

Ancasing panalitèn mênikå wontên gangsal. Ancasipun inggih kanggé: (1) ngandharakên asiling inventarisasi naskah Sêrat Gêmbring Baring, (2) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Prånåcitrå, (3) damêl transliterasi såhå suntingan teks Sêrat Gêmbring Baring, (4) damêl terjemahan teks Sêrat Gêmbring Baring, såhå (5) ngandharakên piwulang moral ing salebeting teks Sêrat Gêmbring Baring. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn deskriptif. Metode panalitèn filologi mênikå dipunginakaken kanggé nggarap teks Sêrat Gêmbring Baring ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå carik. Wondéné metode panaliten deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên teks Sêrat Gêmbring Baring kanthi objektif. Sumber data panalitèn mênikå inggih naskah såhå teks Sêrat Gêmbring Baring ingkang wontên salêbêting bèndhêl naskah Sêrat Prånåcitrå koleksi Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi, suntingan, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Ingkang ångkå satunggal mênikå, kapanggihakên pitung naskah Sêrat Gêmbring Baring ingkang satunggal irah-irahan såhå tigang naskah ingkang satunggal korpus. Kaping kalih, deskripsi naskah Sêrat Prånåcitrå taksih saé, såhå sêratanipun taksih cêthå. Katigå, transliterasi teks Sêrat Gêmbring Baring dipungarap kanthi ngginakakên metode transliterasi standar inggih mênikå ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin adhêdhasar ejaan ingkang limrah. Sakawan, suntingan teks ngginakakên metode suntingan standar, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik. Gangsal, terjemahan teks dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Ênêm, piwulang moral ing salêbêting teks Sêrat Gêmbring Baring kapérang dados tigå, inggih mênikå gagayutan antawisipun manungså dhumatêng Gusti, manungså kaliyan priyantun sanès, såhå manungså kaliyan dhiri pribadinipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, serat gembring baring
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 05 May 2015 03:41
Last Modified: 29 Jan 2019 22:03
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18150

Actions (login required)

View Item View Item