Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-29T06:32:33ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2018-08-02T07:20:44Z2019-05-09T08:51:46Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/58091This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/580912018-08-02T07:20:44ZCak-cakanipun Kurikulum 2013 wonten Pamulangan Basa Jawi ing SMP Negeri Kitha MagelangPanaliten menika ancasipun kangge mangertosi cak-cakanipun Kurikulum
2013 wonten pamulangan basa Jawi ing SMP Negeri Kitha Magelang kanthi evaluasi gegayutan: (1) manajemen pamulangan minangka perencanaan, pelaksanaan, lan evaluasi, (2) evaluasi komponen cak-cakanipun Kurikulum 2013 inggih menika context nyakup samaptanipun kepala sekolah, samaptanipun guru basa Jawi, samaptanipun siswa, sosialisasi kurikulum 2013, pangertosan babagan konsep kurikulum 2013, input nyakup kahanan buku pedoman guru lan siswa, pangertosan dhumateng silabus mapel basa Jawi kurikulum 2013, panyusunan instrumen pambiji, samaptanipun sarana lan prasarana, saha pelatihan lan pengampingan guru, process nyakup manajemen pamulangan, cak-cakanipun kegiyatan pamulangan basa Jawi, cak-cakanipun program remidial lan pengayaan, lan produk nyakup pamanggih guru, lan siswa, (3) pambengan ingkang dipunpanggihi, lan (4) strategi kangge ngudhali pambengan pamulangan basa Jawi cak-cakanipun kurikulum 2013 ing SMPN Kitha Magelang.
Panaliten menika minangka panaliten deskriptif kanthi ngginakaken pendekatan kuantitatif. Subjek panaliten inggih menika kepala sekolah, waka kurikulum, guru basa Jawi lan siswa. Papan panaliten inggih menika SMP Negeri
1, 2, 4, lan 9 Kitha Magelang minangka coordinator cluster cak-cakanipun Kurikulum 2013. Data dipunkempalaken kanthi angket, wawancara, observasi lan dokumen kanthi evaluasi model CIPP. Uji coba instrumen angket kalampahan ing sekolah pilotting.
Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) manajemen pamulangan gegayutan saking perencanaan, pelaksanaan, lan evaluasi saking guru lan waka kurikulum perencanaan sae, pelaksanaan sae sanget, lan evaluasi sae sanget, (2) evaluasi context nyakup kepala sekolah, guru basa Jawi, siswa sedaya samapta, sosialisasi sampun kaleksanan, pangertosan konsep sampun sae, input nyakup kahanan buku pedoman guru lan siswa sampun nyekapi, pangertosan silabus sae, panyusunan instrumen pambiji sae sanget, samaptanipun sarana lan prasarana sampun sae, lan pelatihan pengampingan guru sampun wonten, process nyakup asil manajemen pamulangan, cak-cakanipun pamulangan sae sanget, cak-cakanipun program remidial lan pengayaan guru cekap lan siswa sae, lan produk nyakup pamanggih ing pamulangan guru lan siswa sae sanget, (3) pambengan ingkang dipunpanggihi kirangipun kegiyatan pelatihan/ penataran lan sosialisasi regulasi kurikulum 2013, sarana lan prasarana, samaptanipun perangkat pamulangan saha ewah-ewahanipun mind set lan sistem pambiji mliginipun pambiji aspek sikap, lan, lan (4) strategi ngudhali pambengan dipunwontenaken pelatihan lan sosialisasi gegayutan kaliyan regulasi kurikulum 2013 lan dana ingkang nyekapi.
Pamijining Tembung : Cak-cakanipun Kurikulum 2013, pamulangan basa JawiDiah Kusumaning Bratangalun2017-07-06T01:29:39Z2019-05-09T08:03:53Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/50443This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/504432017-07-06T01:29:39ZStrategi Pembelajaran Bahasa Jawa di SMP Muhammadiyah Boarding School Yogyakarta.Penelitian ini bertujuan untuk mengetahui (1) strategi yang digunakan dalam pembelajaran bahasa Jawa di SMP Muhammadiyah Boarding School Yogyakarta, (2) faktor yang melatarbelakangi pemilihan strategi, dan (3) pendapat kelas terhadap pembelajaran bahasa Jawa di SMP Muhammadiyah Boarding School Yogyakarta.
Penelitian ini adalah penelitian kualitatif. Sumber data penelitian adalah siswa dan guru bahasa Jawa dengan objek penelitian strategi pembelajaran bahasa Jawa di sekolah tersebut. Teknik pengumpulan data dengan observasi, wawancara, dokumentasi dan angket. Keabsahan data dengan cara uji kredibilitas, transferabilitas dan reabilitas. Teknik analisis data menggunakan reduksi data, penyajian data dan pengambilan kesimpulan.
Hasil penelitian ini adalah pertama, strategi yang digunakan dalam kegiatan pembelajaran: (a) berdasarkan klasifikasi umum strategi pembelajaran terdiri dari strategi pembelajaran berdasarkan penekanan komponen, kegiatan pengolahan pesan atau materi, pesan atau materi, dan cara memproses penemuan; (b) posisi bahasa Jawa sebagai bahasa kedua dan bahasa asing di MBS, ada strategi memori, kognitif, kompensasi, meta-kognitif, afektif, dan sosial; (c) strategi pembelajaran berdasarkan media bahasanya dengan menggunakan bahasa Indonesia, bahasa Indonesia-daerah, dan bahasa daerah-Indonesia; (d) strategi berdasarkan empat ketrampilan bahasa, yaitu menyimak, membaca, berbicara dan menulis. Dua, tujuan pembelajaran, siswa, kurikulum, sarana prasarana, materi dan waktu, akses informasi dan komunikasi menjadi faktor pemilihan strategi tersebut. Tiga, pendapat guru dan siswa mengenai pembelajaran bahasa Jawa yang menjadi bahasa asing di MBS menjadi pelajaran yang sangat mudah untuk siswa yang sering menggunakan bahasa Jawa dan sulit untuk siswa yang jarang atau tidak pernah menggunakannya. Peraturan tentang larangan menggunakan bahasa daerah membuat siswa merasa takut akan memperoleh hukuman ketika belajar berbicara bahasa Jawa. Pembelajaran tidak maksimal hanya dalam waktu satu jam pelajaran, & perlu adanya kurikulum bahasa Jawa sebagai bahasa asing sebagai pedoman pembelajaran.Panca Aditya Subekti2017-05-08T08:25:34Z2019-01-29T12:21:13Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/49083This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/490832017-05-08T08:25:34ZPatrapipun Wanita Nalika Nampi Tumindak Degsiya Dening Garwanipun Wonten Ing Novel Alun Samudra Rasa Anggitanipun Ardini Pangastuti Bn (Kajian Feminis Psikoanalisis Juliet Mitchell)Ancasipun panaliten menika kangge ngandharaken patrapipun wanita nalika nampi tumindak degsiya wonten ing novel Alun Samudra Rasa anggitanipun Ardini Pangastuti Bn kanthi kajian feminispsikoanalisis Juliet Mitchell.
Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif kualitatif.Metode menika dipunginakaken kangge ngandharaken fakta-fakta ingkang kapanggihaken kanthi sistematis, faktual saha premati. Salajengipun, fakta-faktamenika dipunanalisis kanthi perspektif feminis psikoanalisis Juliet Mitchell. Feminis psikoanalisis Juliet Mitchell dipunginakaken kangge ngandharaken pangrembakanipun kapribaden ingkang dipunpangaribawani dening faktor ketidaksadaran saha konsep kinship system utawi sesambungan paseduluran. Trap-trapanipun pangempalanipun data wonten ing panaliten menika wonten kalih inggih menika; teknik maos saha nyerat. Teknik maos ingkang dipunginakaken inggih metode reading as woman. Data panaliten ingkang sampun dipunpilah-pilah saha sampun fokus dhateng patrapipun wanita, dipunserat wonten ing kertu analisis data. Teknik analisis utawi panintinge data menika dipunperang dados gangsal inggih menika; reduksi data, klasifikasi data, display data, saha damel penafsiran saha interpretasi.
Asilipun panaliten menika wonten tiga, inggih menika; 1) wujud patrapipun wanita nalika nampi tumindak degsiya saha 2) prekawis ingkang njalari saha 3) nilai-nilai piwulang wonten ing novel. Wujud patrapipun wanita nalika nampi
tumindak degisya wonten ing novel Alun Samudra Rasa wonten pitu inggih menika nundhung, nampik, nudhuh, pegatan, kekerasan fisik, kekerasan psikologis saha nresnani priya sanes kejawi garwanipun. Patrap ingkang dipunketingalaken menika, dipunpangaribawani faktor pola pikir saha faktor
kinship system jumbuh kaliyan pamawasipun feminis psikoanalisis Juliet Mitchell.Mijilipun patrap-patrap menika dipunjalari saking faktor pola pikir ingkang wonten gegayutanipun kaliyan faktor ketidaksadaran saha faktor kinship system. Faktor kinship system wonten panaliten caket gegayutanipun kaliyan prekawis pola asuh. Patrap ingkang dipunketingalaken paraga-paraga wanita ing novel menika, nampik tumindak degsiya dening garwanipun nanging kanthi ancas ingkang beda. Bedanipun menika dipunpangaribawa saking prekawis bedanipun pola asuh ingkang samangke ugi badhe paring pangaribawa ingkang beda tumprap pangrembakanipun kapribaden. Wondene, nilai-nilai piwuloang ingkang kaserat inggih nilai kemandirian, wanita utama saha kejujuran.Tya Resta Fitriana2017-04-13T01:53:31Z2020-09-24T04:13:30Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/48684This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/486842017-04-13T01:53:31ZLelewaning Basa Katresnan wonten ing Serat Damarwulan (Kajian Etnolinguistik)Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken katrangan bab Serat Damarwulan saha suntingan teks Serat Damarwulan. Panaliten menika ugi badhe ngandharaken lelewaning basa katresnanipun Damarwulan saha garwanipun wonten ing Serat Damarwulan adedhasar kajian etnolinguistik.
Panaliten menika kalebet panaliten kualitatif (qualitative research). Trap-trapanipun ngempalaken data wonten ing panaliten kualitatif menika wonten tiga inggih menika; teknik inventarisasi naskah, teknik pustaka, saha teknik open coding. Serat Damarwulan ingkang dipunserat mawi aksara pegon menika dipuntintingi mawi teori filologi sahingga saged mangertosi kahananipun naskah saha data ingkang gampil dipunwaos. Teknik analisis utawi panintingipun data menika dipunperang dados sekawan inggih menika; reduksi data, klasifikasi data, display data, saha damel penafsiran saha interpretasi. Data ingkang sampun
dipunpilah-pilah adedhasar lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun menika saged dipunmaknani ngginakaken teori etnolinguistik.
Asilipun panaliten menika wonten enem, inggih menika; 1) Ngandharaken deskripsi naskah Serat Damarwulan; 2) Ngandharaken transliterasi naskah Serat Damarwulan; 3) Ngandharaken suntingan teks naskah Serat Damarwulan; 4)
Ngandharaken wujud lelewaning basa katresnan jati wonten ing Serat Damarwulan; 5) Ngandharaken wujud lelewaning basa katresnan balas jasa wonten ing Serat Damarwulan; 6) Ngandharaken analisis lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun ngginakaken teori etnolinguistik. Lelewaning basa katresnanipun Damarwulan kaliyan garwanipun dipunandharaken lumantar kalih wujud inggih menika panyandra saha wangsalan. Lelewaning basa wonten ing Serat Damarwulan menika nggambaraken katresnan
jati saha katresnan amargi balas jasa. Panyandra saha wangsalan menika ugi ngandhut piwucal bab wanita utama. Wanita utama menika ketingal saking paraga Anjasmara ingkang tansah sabar, lila legawa, saha bekti marang garwanipun. Ratu Kencana Wungu ugi dados paraga utama wanita ingkang nggadhahi kalenggahan ingkang istimewa inggih menika simbol kuwasa wanita Jawi. Wanita wonten ing
Serat Damarwulan menika boten namung dados kanca wingking ananging nggadhahi kalenggahan istimewa minangka garwa.Respati Retno Utami2017-03-14T03:12:01Z2019-05-09T08:00:22Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/47930This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/479302017-03-14T03:12:01ZWatak saha Ginanipun Tembang Sumĕkar wonten ing Panji Jayalengkara Sunyawibawa CS 104.Ancasing panaliten menika kababar kados ing ngandhap menika. (1)
Inventarisasi naskah cariyos Panji Jayalengkara (PJ), (2) deskripsi naskah Panji Jayalengkara Sunyawibawa CS 104 (PJS CS 104), (3) alih aksara teks PJS CS 104, (4) suntingan teks PJS CS 104, (5) tarjamahan teks PJS CS 104, saha (6) watak saha ginanipun tembang Sumĕkar wonten ing PJS CS 104.
Panaliten menika kelebet jinising panaliten analisis dokumen. Inventarisasi naskah kalampahan kanthi ngempalaken naskah ingkang ngewrat cariyos Panji Jayalengkara wonten ing katalog naskah museum Sonobudoyo, katalog naskah Keraton Yogyakarta, katalog naskah Fakultas Sastra UI, katalog naskah PNRI, katalog naskah Kasunanan Surakarta, katalog naskah Mangkunegaran, saha katalog naskah Pura Pakualaman. Naskah-naskah ingkang sampun dipunkempalaken dipundeskripsekaken kanthi cara interkonten. Objek panaliten menika naskah saha teks PJS CS 104 dipunalih-aksarakaken kanthi cara diplomatik. Sasampunipun dipunalih-aksarakaken, teks lajeng dipunsunting adhedhasar pamanggihipun panaliti saha adhedhasar tetandhingan kaliyan naskah PJS CS 110. Panaliten kalajengaken kanthi narjamahaken saking basa Jawi tengahan dhateng bahasa Indonesia kanthi cara tarjamahan harfiyah. Panaliten dipunpungkasi kanthi madosi watak saha
ginanipun tembang Sumĕkar wonten ing PJS CS 104.
Asiling panaliten menika kababar kados ing ngandhap menika. (1) Cacahing naskah Panji Jayalengkara ingkang kapanggihaken saking studi katalog inggih menika wonten 48 naskah. (2) Irah-irahanipun naskah menika Panji Jayalengkara Sunyawibawa CS 104 (PJS CS 104). Mboten kapanggihaken panganggitipun naskah. Naskah menika dipunanggit ing keraton Palembang. Teks dipunserat ing antawisipun abad 16 dugi abad 18. (3) Teks dipunserat mawi bahasa Jawi tengahan, aksara Jawa. Teks dipunserat mawi dhapukan tembang. Cacahing kaca naskah wonten 106. (4) Cacahing pada teks PJS CS 104 wonten 656, wondene pupuhipun wonten 24. Cacahing teks ingkang dipunsunting adhedhasar pamanggihipun panaliti wonten 839 gatra. Wondene cacahing teks ingkang dipunsunting kanthi tetandhingan kaliyan CS 110 wonten 126 gatra. (5) Teks PJS CS 104 nyariyosaken raden Jayalengkara, Pangeran Sunyawibawa, ingkang kesah saking Keraton Sunyawibawa dipunkanthi dening ki Sujanma dhateng gunung Pamriyan saha Dipa Parwata kangge ngangsu ngelmu. (6) Watakipun tembang Sumĕkar wonten ing PJS CS 104 inggih menika wicaksana, asih, saha pangajab-ajab. Bilih ginanipun kangge paring piwulang dhateng putra utawi siswa ingkang badhe ngayahi jejibahan agung.Ghis Nggar Dwiatmojo