Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-29T10:20:10ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2016-11-17T03:08:35Z2019-05-09T07:47:59Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/43728This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/437282016-11-17T03:08:35ZFilosofi Paraga Wayang Wrekodara Wonten Ing Dakwah Pengajian KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I(Ki Jaka Gara-Gara).Ancasipun panaliten inggih menika ngandharaken filosofi paraga Wrekodara wonten ing dakwah pengajian KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I (Ki Jaka Gara-Gara). Jinising panaliten inggih menika motode panaliten filsafat sastra. Dhata panaliten tuturan dhalang, sumber dhata transkripsi file video dakwah KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I. Analisis dhata ngginakaken model analisis of saha model analisis for. Keabsahan dhata ngginakaken Validitas semantik dan referensial saha Reliabilitas: Intrarater.
Asiling panaliten menika asiling kreatifitas KH. Abdur Rokhim, S.Pd.I ngginakaken konsep othak-athik mathuk. (1) Paraga wayang Wrekodara dipuntransformasekaken filosofi shalat, proses tasawuf, puncak tasawuf inggih menika makrifatullah. Tasawuf menika wonten sekawan tataran syariat, tarekat, hakikat, saha makrifat. Nama Wrekodara, Putra Wrekodara Raden Antareja saha Raden Antasena, saha pusaka Gada Rujakpolo konsep syariat. Pusaka Kuku Pancanaka konsep tarekat. Lakon Babad Alas Wanamarta konsep hakikat. Lakon Dewaruci konsep makrifat. (2) Konsep shalat menika kados Wrekodara kuat, kukuh, ikhlas nglampahi ibadah, dipunlampahi kanthi ajeg saha saged manggihaken Tirta Prawita Sari usul makrifat dhateng Gusti Allah. Sejatining shalat menika shalat khusuk utawi wustha utawi shalat daim, medianipun manah penghayatan dhateng Gusti Allah. Puncakipun shalat menika makrifatullah, ilmu kasampurnan, ilmu kasunyatan mangertosi keagungan Gusti Allah, dados insan kamil. Shalat ingkang sejati dadosaken tumindak kabecikan (amar makruf nahi munkar) utawi hamemayu hayuning bawana. (3) Konsep sandhangan Wrekodara pancaran ilahiah, nedahaken kamanunggalan ing antawisipun lahir saha batin. Sedaya tumindak Wrekodara menika kados ing sandhangan ingkang dipunagem. (4) Konsep othak-athik mathuk kangge maknai, (a) Nama Wrekodara dipuntegesi mawi makna basa Arab, Raden Werkodara menika lafale saking tembung Warkau tasrifipun rokaa yarkau rukuan fahua rokiun irkaa. Irkak dikias lughowi irkau wawune atob yaiku warkau au ish hadu macane sahadat sapa sira, warkau lan rukua sapa sira, dauran kelawan putrane mangsa langgeng solate isyak subuh luhur asar magrib aja leren selagi durung disolati. (b) Putra Wrekodara dipunmaknai basa Arab, Raden Antasena lafale antasana, Anta kuwi sira, tsana nglakoni solat sunat saha Raden Antareja saka lafal anta rojaa, anta kuwi sira, rojaa pengarep-arep namung ridlo Gusti maha kuwasa. (c) Pusaka Wrekodara inggih menika Gada Rujakpolo dipunmaknai kalih alternatif, inggih menika makna basa Jawi saha makna basa Arab. Gada Rujakpolo makna basa Jawi inggih menika “Pusaka Gada Rujakpolo, gada niku bodem, rujak niku pedes, polo kuwi ndas”. Gada Rujakpolo makna basa Arab “Gada Rujakpolo, ghodan rojaa fa aula, ghodan ki besok, rojaa pangarep-arep, fa aula suwarga sing utama”. Pusaka Kuku Pancanaka dipuntegesi mawi makna basa Jawi “Pusaka Kuku Pancanaka, kuku kukuh, panca lima, naka landhep…”. (d) Dewaruci dipunmakni kalih alternative inggih menika, Dewaruci dipuntegesi mawi makna basa Arab wonten lakon Dewaruci “Dewaruci, ruci kuwi rukhi, rukhi kuwi rukhmu dewe ya ngger...” saha Dewaruci dipunmaknai minangka guru mursyid utawi guru spiritual wonten lakon Babad Alas Wanamarta “Dewaruci guru mursyid, guru mursyid bakal beat, dilok kertune bocah iki supaya cocok kelawan kertune, nek simpati ya telkomsel, nek indosat yo im3, nek kae qodariyah, naqsabandiyah kudu cocok”.Fatkur Rohman Nur Awalin2016-08-08T07:01:37Z2019-05-09T07:29:27Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/39127This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/391272016-08-08T07:01:37ZFalsafah Hidup Catur Marga Yoga wontên ing Naskah Sêrat Bhagawad GitaAncasing panalitèn mênikå inggih kanggé ngandharakên: (1) cak-cakanipun panalitèn filologi tumrap naskah Sêrat Bhagawad Gita, (2) falsafah hidup Catur Marga Yoga, såhå (3) piwulang Catur Marga Yoga wontên ing naskah Sêrat Bhagawad Gita.
Panalitèn mênikå migunakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn kualitatif. Lampahing panalitèn filologi ingkang dipuntindakakên antawisipun inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi, suntingan såhå terjemahan. Wondéné metode kualitatif kanggé ngandharakên falsafah hidup såhå piwulang saking teks. Sumbêr data panalitèn inggih mênikå naskah Sêrat Bhagawad Gita. Teks ingkang dipuntaliti wontên sakawan teks, inggih mênikå teks Panunggal sarånå Pandamêl (PP), Panunggal sarånå Kawicaksanan (PK), Piwulang Panunggal sarånå Kawruh kang Luhur, tuwin Wêwados kang Luhur (PPKLWL), sartå Panunggal sarånå Bêkti (Panêmbah) (PB). Analisis data dipuntindakakên kanthi analisis deskriptif kualitatif. Wondéné kanggé ngêsahakên data migunakakên validitas semantik såhå reliabilitas intrarater såhå interrater.
Asiling panalitèn inggih mênikå. (1) Adhêdhasar cak-cakanipun panalitèn filologi dhatêng naskah Sêrat Bhagawad Gita kaasilakên teks kanthi sêratan aksårå Latin ingkang sampun rêsik saking sadåyå kalêpatan såhå teks mawi båså Indonesia. (2) Falsafah hidup teks PP inggih mênikå (a) tumindak minångkå kawajibaning manungså gêsang, (b) tumindak kanthi ngêkêr påncådriyå såhå nêpsu, (c) ngaturakên kurban dhatêng déwå (yadnya), (d) tumindak tånpå pamrih, (e) tumindak adhêdhasar Tri Guna. Falsafah hidup teks PK inggih mênikå (a) mangrêtosi kamulyaning Gusti, (b) margi panunggal, (c) kawruh bab tumindak, (d) kawruh bab yadnya, (e) kawruhing kawicaksanan. Falsafah hidup teks PPKLWL inggih mênikå (a) kaluhuraning darmå, (b) Gusti minångkå sumbêring sadåyå kawontênan (c) angluhurakên Gusti. Falsafah hidup teks PB inggih mênikå (a) yogi ingkang prayogi, (b) prinsip Bhakti Yoga, (c) trêsnå dhatêng Gusti. (3) Piwulang Catur Marga Yoga antawisipun (a) Karma Yoga minångkå margi panunggal asarånå tumindak kanthi masrahakên sadåyå asilipun dhatêng Gusti, (b) Jñana Yoga minångkå margi panunggal asarånå kawruh kawicaksanan, (c) Raja Yoga minångkå margi panunggal asarånå nindakakên tåpå bråtå, sartå (d) Bhakti Yoga minångkå margi panunggal asarånå bêkti såhå trêsnå dhatêng Gusti.Doni Dwi Hartanto2016-08-01T02:24:07Z2019-05-09T07:24:41Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/38050This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/380502016-08-01T02:24:07ZMedia Pembelajaran Membaca Cerita Wayang Berbasis Web untuk Siswa SMA Kelas X.Penelitian ini bertujuan untuk menghasilkan produk media pembelajaran cerita wayang berbasis web untuk siswa SMA kelas X dan menguji tingkat kelayakan media yang dihasilkan.
Penelitian ini termasuk peneltian dan pengembangan, yang mengacu pada langkah-langkah yang dikembangkan oleh Alessi & Trollip. Desain pengembangan tersebut dikelompokkan berdasarkan tiga prosedur pengembangan, yang meliputi: (a) planning, (b) design, dan (c) development yang dilengkapi dengan komponen atribut mencakup standard, ongoing evaluation, dan project management. Atribut pengembangan berfungsi sebagai kontrol yang selalu ada dalam setiap pengembangan produk. Desain uji coba produk terdiri dari uji alfa dan uji beta. Uji alfa dilakukan oleh satu ahli materi dan satu ahli media. Uji beta dilakukan melalui dua tahap, yakni uji beta I oleh 27 siswa dan satu guru bahasa Jawa serta uji beta II oleh 48 siswa dan dua guru bahasa Jawa. Penelitian ini dilakukan di SMA Muhammadiyah 7 Yogyakata dan SMA Ali Maksum. Pengumpulan data menggunakan angket ahli materi, angket ahli media, angket respon guru bahasa Jawa dan angket respon siswa. Analisis data menggunakan teknik analisis data deskriptif.
Penelitian ini menghasilkan produk media pembelajaran membaca cerita wayang berbasis web untuk siswa SMA kelas X yang dapat diakses di www.wasiswayang.com. Media pembelajaran tersebut dinilai sangat layak berdasarkan pada hasil skor penilaian uji alfa dan uji beta. Hasil skor penilaian kelayakan produk pada uji alfa oleh ahli materi sebesar 4,27 (sangat layak) dan oleh ahli media sebesar 4,63 (sangat layak). Selanjutnya pada uji beta I diperoleh skor hasil penilaian oleh guru bahasa Jawa sebesar 4,8 (sangat layak) dan oleh siswa 4,40 (sangat layak) sedangkan pada uji beta II diperoleh skor hasil penilaian oleh guru bahasa Jawa sebesar 5 (sangat layak) dan oleh siswa sebesar 4,67 (sangat layak). Rata-rata hasil skor media pembelajaran ini sebesar 4,64 atau 92,96%. Berdasarkan skor tersebut media pembelajaran berbasis web ini sangat layak digunakan sebagai media pembelajaran membaca cerita wayang untuk siswa SMA kelas X.Exwan Andriyan Verrysaputro2016-06-27T03:19:13Z2019-05-09T07:18:58Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/35445This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/354452016-06-27T03:19:13ZMekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMKAncasing panaliten menika kangge ngandharaken: (1) tata cara mekaraken kamus basa Jawi digital mawi aplikasi Android kanthi kualitas sae, (2) tingkat kelayakan produk kamus basa Jawi digital ingkang dipundamel mawi aplikasi android tumrap siswa SMA/SMK adhedhasar pambijinipun para validator, saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi kaliyan siswa dhateng produk kamus basa Jawi digital mawi aplikasi andorid tumrap siswa SMA/SMK.
Panaliten pengembangan menika ngginakaken model pengembangan miturut Borg saha Gall. Tata caranipun damel produk kaperang dados tigang tataran, inggih menika tataran studi wiwitan, tataran damel produk, saha tahap tataran uji lapangan. Pambijining produk dipuntindakaken dening ahli materi, ahli media, guru basa Jawi saha ujicoba dhateng siswa. Uji coba winates dipuntindakaken dhateng siswa cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 2
Salam cacah setunggal, sarta siswa SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal. Subjek uji coba lapangan ingkang langkung wiyar inggih menika siswa SMK Muhammadiyah 2
Salam saha SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah sewidak sarta guru basa Jawi cacah enem ingkang kaperang saking guru SMK Muhammadiyah 2 Salam cacah setunggal, guru SMK Muhammadiyah 1 Salam cacah kalih, guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal, guru SMK Negeri 1 Salam cacah setunggal, saha guru SMA Negeri 1 Muntilan cacah setunggal. Data asiling ujicoba dipunpendhet mawi kuesioner lajeng dipun-analisis kanthi deskriptif kuantitatif.
Asiling panaliten menika arupi aplikasi kamus basa Jawi digital mawi android tumrap siswa SMA/SMK. Panaliten menika ugi ngasilaken data kualitas saha kelayakan produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android ingkang kalebet kategori sae sanget. Asil pambijinipun kualitas produk dening ahli media, ahli materi ugi guru basa Jawi kalebet kategori sae sanget. Para siswa saha guru basa Jawi ugi sarujuk sanget kanthi wontenipun mulitmedia kamus basa Jawi digital mawi android. Adhedhasar biji kasebut, mila produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android layak sanget dipunginakaken ing salebeting pasinaon basa Jawi. Ing tembenipun, produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android dipunangkah saged dipunmupangataken minangka salah satunggaling sarana pambiyantu ngindhakaken seserepanipun para siswa bab kawruh tetembungan basa JawiNur Hanifah Insani