Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-28T18:03:14ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2022-06-06T08:05:43Z2022-06-06T08:05:43Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/72621This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/726212022-06-06T08:05:43ZKRITIK SOSIAL WONTEN ING NOVEL “KORI WUS TINARBUKA” ANGGITANIPUN MM. SRI HARYANTI, S.S. (ANALISIS SOSIOLOGI SASTRA)ABSTRAK
Penelitian ini bertujuan untuk mendeskripsikan kritik sosial yang tertulis dari novel
Kori Wus Tinarbuka karya MM. Sri Haryanti, S.S. Penelitian ini menggunakan metode
deskriptif kualitatif dengan subjek penelitian novel Kori Wus Tinarbuka. Melalui penelitian
ini dapat diketahui (1) kritik sosial bab moral membahas sifat yang sebaiknya dimiliki dan
dihindari manusia. (2) Kritik sosial bab pendidikan menjelaskan bahwa pendidikan
merupakan hal penting yang harus ditempuh setiap orang. (3) Kritik sosial bab keluarga berisi
kewajiban serta larangan bagi seseorang sebagai anggota keluarga. (4) Kritik sosial bab
agama berisi bahwa manusia harus percaya terhadap Tuhan dan menjalankan kewajibannya.
(5) Kritik sosial bab ekonomi membahas bahwa harta bukanlah segalanya, dan (6) kritik
sosial bab budaya membahas seputar kemajuan teknologi yang mempengaruhi kebudayaan di
masyarakat.
Kata Kunci: kritik sosial, sosiologi sastra, kori wus tinarbukaYessi Fatika Sariyessifatika@gmail.com2020-12-29T07:08:06Z2020-12-29T07:08:06Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69296This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692962020-12-29T07:08:06ZKAJIAN FILOLOGI SÅHÅ ETIKA MORAL WONTÊN ING SÊRAT PUSTÅKÅ WASIATAncasing panalitèn mênikå ngandharakên gangsal bab, inggih mênikå kanggé: (1) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Puståkå Wasiat, (2) damêl transliterasi teks Sêrat Puståkå Wasiat, (3) ndamêl suntingan teks Sêrat Puståkå Wasiat, (4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Puståkå Wasiat, såhå (5) ngandharakên etika moral ing salêbêting teks Sêrat Puståkå Wasiat.
Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn deskriptif. Sumbêr data saking panalitèn mênikå inggih naskah såhå teks Sêrat Puståkå Wasiat koleksi Museum Sånåbudåyå Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå kanthi inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi teks, suntingan teks, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Validitas data ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Wondéné reliabilitas-ipun ngginakakên reliabilitas intrarater såhå interrater.
Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Sêpisan, kapanggihakên satunggal naskah Sêrat Puståkå Wasiat ingkang kasimpên wontên ing Museum Sonobudoyo Yogyakarta kanthi kode PB C 197. Kalih, kawontênan naskah Sêrat Kêmpalan Warna-warni taksih saé, såhå sêratanipun taksih cêthå dipunwaos. Tigå, translitêrasi teks Sêrat Puståkå Wasiat kanthi metode transliterasi standar. Sakawan, suntingan teks Sêrat Puståkå Wasiat ngginakakên metode suntingan standar, asiling têmbung-têmbung ingkang dipun-sunting wontên 16 têmbung ingkang kasêrat wonten ing aparat kritik. Gangsal, terjemahan teks Sêrat Puståkå Wasiat dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Ênêm, wujud etika moral ing salêbêting teks Sêrat Puståkå Wasiat ingkang kapanggihakên wontên 3, inggih mênikå (1) ngati-ati anggènipun ngucap, (2) nrimå, såhå (3) rumangsan. Sasanêsipun mênikå ugi kapanggihakên wujud etika moral sanèsipun inggih mênikå waspådå, nyêgah håwå nêpsu, sabar, tumindak saé, såhå adil.Azis Heru Iswantoazis.heru2016@student.uny.ac.id2020-12-29T07:07:22Z2020-12-29T07:07:22Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69295This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692952020-12-29T07:07:22ZMAKNA SIMBOLIK UBARAMPE WONTEN UPACARA TRADHISI WETON TIRON ING DESA BUMIREJO KULON PROGOPanaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken prosesi lampahing upacara weton tiron , makna simbolik sajen ing salebeting upacara bancakan weton sarta paedahipun upacara bancakan weton tumrap warga panyengkuyung.
Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak kanthi ngginakaken kamera foto, perekam saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ngginakaken teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data mawi triangulasi sumber lan metode.
Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) prosesi lampahing upacara weton tiron kaperang dados tiga rerangken: (a) cecawis upacara ingkang awujud nyepakaken wadhah sajen, cecawis sajen ing salebeting upacara bancakan weton. (b) lampahing upacara bancakan weton awujud masrahaken sajen bancakan weton (c) ngedum bancakan. (2) Makna simbolik sajen ingkang dipunginakaken ing salebeting upacara bancakan weton menika kangge mahyakaken raos kurmat dhateng kaki among nini among kaliyan sedulur sekawanipun supados dipunparingi remen anggenipun momong lan nyuwun kaslametan lan kawilujengan saha gampil anggenipun ngupados rejeki ing gesangipun. (3) Paedah upacara bancakan weton tumraping warga panyengkuyung inggih menika (a) paedah religi, (b) paedah psikologis (c) paedah sosial, (d) paedah nglestantunaken kabudayan.Muh Karesa13205241041@student.uny.ac.id2020-12-29T07:06:17Z2020-12-29T07:06:17Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69294This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692942020-12-29T07:06:17ZTINDAK TUTUR INTEROGATIF WONTEN ING NOVEL KUMPULE BALUNG PISAH ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M.Panaliten menika gadhah kalih ancas. Ancasing panaliten inggih menika 1) ngandharaken jinising tindak tutur interogatif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A.M 2) ngandharaken fungsinipun ilokusi interogatif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A.M
Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A.M. Data saking panaliten menika awujud ukara interogatif. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi migunakaken teknik maos-cathet. Pirantining panaliten menika migunakaken kartu data saha tabel analisis. Caranipun ngesahaken data wonten ing panaliten menika kanthi migunakaken validitas triangulasi teori kanthi jumbuhaken data kaliyan landhesan teori ingkang dipunginakaken.
Asiling panaliten menika kaandharaken jinising tindak tutur interogatif saha fungsinipun ilokusi interogatif. Saking sekawan jinis tindak tutur sedaya kalebet fungsi ilokusi ingkang jumbuh kaliyan konteks-ipun. Tindak tutur langsung literal; asertif ngandharaken, dirketif memohon, direktif merecomendasi, ekspresif panuwun, saha ekspresif menyalahkan. Tindak tutur boten langsung literal; asertif caos pamrayogi, asertif sambat, direktif memesan, direktif mrentah, direktif menasehati, ekspresif menyalahkan, komisif menawarkan. Tindak tutur langsung boten literal; Direktif memohon. Tindak tutur boten langsung boten literal; ekspresif menyalahakan.
Pamijining tembung: Tindak Tutur, Ilokusi, Interogatif.Resy Rozitasariresyrositasari@gmail.com2020-12-29T07:04:38Z2020-12-29T07:04:39Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69293This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692932020-12-29T07:04:38ZPANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAHAsiling panaliten menika kangge ngandharaken jinising undha-usuk basa Jawi, fungsi panganggening undha-usuk basa Jawi, sarta prakawis ingkang ndayani panganggening undha-usuk basa Jawi wonten ing Panggugah. Panganggening undha-usuk basa Jawi wonten inng Panggugah saged dipundadosaken tuladha panganggening undha-usuk basa Jawi wonten ing padintenan.
Jinis panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriptif. Data panaliten menika awujud ukara-ukara ingkang nedahaken panganggening undha-usuk basa Jawi wonten ing buku Panggugah. Data dipunkempalaken kanthi teknik maos saha teknik nyerat, salajengipun dipunserat wonten ing kertu data saperlu dipunanalisis kanthi deskriptif. Pirantosing panaliten inggih menika panaliti piyambak. Caranipun ngesahaken data lumantar validitas expert judgement utawi lelimbangan ahli, saha reliabilitas intrarater.
Asiling panaliten menika nedahaken jinis undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken para paraga anggenipun wicantenan, inggih menika ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, saha krama alus. Fungsi panganggenipun undha-usuk basa Jawi ingkang wonten ing panaliten, inggih menika fungsi emotif, fungsi referensial, fungsi fatik, fungsi puitik, saha fungsi konatif. Fungsi emotif saged dipunwujudaken kangge ngandharaken raos bingah, gumun, sedhih, ajrih, kuciwa, jengkel, bingung, saha kaget. Fungsi referensial saged dipunwujudaken kangge ngandharaken pawartos. Fungsi puitik saged dipunwujudaken kangge ngandharaken pamanggih nyata saha khayalan. Fungsi fatik saged dipunwujudaken kangge uluk salam. Fungsi konatif saged dipunwujudaken kangge naweni, ngandharaken panyuwunan, nyarujuki, boten sarujuk, pamrayogi, nyuwun pirsa, saha ndhawuhi. Prakawis ingkang ndayani panganggening undhausuk basa Jawi ingkang wonten ing panaliten, inggih menika kadadosan resmi saha boten resmi sarta gineman langsung saha boten langsung dhateng mitra tuturipun.
Pamijining tembung: Undha-usuk basa Jawi, Panggugah.Rista Khayatunristakhayatun6@gmail.com2020-12-29T07:02:50Z2020-12-29T07:02:50Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69292This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692922020-12-29T07:02:50ZANALISIS KALEPATAN FONOLOGIS ING MEME BASA JAWIPanaliten menika katindakaken kanthi tigang ancas. Ancasing panaliten menika, (1) ngandharaken jinis kalepatan fonologis ing Meme Basa Jawi; (2) ngandharaken fonem ingkang lepat panyeratipun ing Meme Basa Jawi; (3) ngandharaken mapanipun fonem ingkang lepat ing Meme Basa Jawi.
Jinising panaliten menika ngginakaken metode deskriptif. Data ing panaliten menika wujudipun tembung saking wacana meme basa Jawi ingkang ngewrat kalepatan fonologis. Data panaliten menika kapendhet kanthi ngundhuh wacana meme basa Jawi saking internet. Meme menika kapendhet namung saperangan, inggih menika saking periode gangsal taun kepungkur dumugi samenika. Pirantining panaliten menika panaliti piyambak (human instrument). Teknik analisis data ing panaliten menika kanthi maos wacana meme basa Jawi, nemtokaken fonem ingkang lepat, saha nyerat ing kartu data. Saking teknik kalawau, lajeng dipunpantha-pantha miturut jinis kalepatan, fonem ingkang lepat, saha mapaning fonem ingkang lepat. Keabsahan data katetepaken kanthi validitas saha reliabilitas. Validitas data ngginakaken teknik triangulasi teori. Reliabilitas data katetepaken kanthi pengamatan saha kajian ingkang wongsal-wangsul.
Asiling panaliten nedahaken bilih kalepatan fonologis ing meme basa Jawi gayut kaliyan fonem vokal, fonem konsonan, saha fonem semi vokal. Jinis kalepatan fonologis ing panaliten menika tambahing fonem, ical utawi sudaning fonem, saha ewahing fonem. Kalepatan fonologis ing meme basa Jawi tambahing fonem. Wujud tambahing fonem inggih menika fonem /k/ ing pungkasan wanda sapisan saha pungkasan tembung, fonem /ə/ ing pungkasan wanda sapisan, fonem /m/ ing pungkasan wanda sapisan, saha wiwitan tembung. Kalepatan fonologis ical utawi sudaning fonem wujudipun fonem /w/ ing wiwitan wanda kaping kalih, fonem /y/ ing wiwitan wanda kaping tiga. Kalepatan fonologis ewahing fonem mawarni-warni, ngandhap menika kaandharaken kanthi jangkep. Ewahing fonem /ṭ/ dipunserat t ing wiwitan tembung saha wiwitan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /ḍ/ dipunserat d ing wiwitan tembung saha wiwitan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /d/ dipunserat dh ing wiwitan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /ɔ/ dipunserat o ing wiwitan tembung, pungkasan wanda sapisan, tengah wanda sapisan, pungkasan wanda kaping kalih, wiwitan wanda kaping tiga, pungkasan wanda kaping tiga, saha pungkasan tembung. Ewahing fonem /a/ dipunserat /k/ ing pungkasan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /a/ dipunserat o ing wiwitan tembung saha pungkasan wanda kaping kalih. Ewahing fonem /i/ dipunserat e ing tengah wanda kaping kalih saha tengah tembung. Ewahing fonem /e/ dipunserat a ing tengah tembung. Ewahing fonem /o/ dipunserat u ing pungkasan wanda sapisan. Ewahing fonem /u/ dipunserat o ing tengah tembung. Ewahing fonem /s/ dipunserat sy ing wiwitaning tembung.
Kata kunci : meme basa Jawi, kalepatan fonologisWiwik Pertiwiwiwikpertiwi01@gmail.com2020-12-29T07:01:54Z2020-12-29T07:01:54Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69291This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692912020-12-29T07:01:54ZAMBIGUITAS BASA JAWI WONTEN ING SEKAWAN NOVEL ANGGITANIPUN TULUS SETIYADI CITHAKAN WULAN MARET–NOVEMBER 2019Panaliten Ambiguitas basa Jawi wonten ing novel anggitanipun Tulus Setiyadi cithakan wulan Maret–November 2019 menika kangge ngandharaken: (1) Jinis ambiguitas basa Jawi, (2) Makna ambiguitas basa Jawi, saha (3) Faktor ingkang mangaribawani panganggening ambiguitas basa Jawi wonten ing novel anggitanipun Tulus Setiyadi.
Panaliten menika dipuntindakaken adhedhasar panaliten deskriptif. Data wonten panaliten menika awujud fonem, morfem, tembung, frasa, klausa saha ukara ingkang ngewrat ambiguitas. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika novel anggitanipun Tulus Setiyadi kanthi irah-irahan Tembange Kembang kang Kumambang ing Blumbang, Kamalaulya, Intan Sepurane Aku ora Bisa Nresnani saha Thathit Bebuntut Udan cithakan wulan Maret–November 2019. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik simak-catat. Data dipunanalisis kanthi metode deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantis saha validitas triangulasi teori, lajeng reabilitas data dipunginakaken reliabilitas stabilitas.
Asiling panaliten bab wujud satuan lingual ingkang ngewrat ambiguitas wonten ing novel anggitanipun Tulus Setiyadi: (1) Jinising ambiguitas kapanggihaken wonten tiga inggih menika ambiguitas fonologis, ambiguitas gramatikal saha ambiguitas leksikal. (2) Makna ambiguitas kapanggihaken wonten sekawan inggih menika makna leksikal, makna gramatikal, makna idiom saha makna paribasan. (3) Faktor ingkang mangaribawani panganggening ambiguitas kaperang dados sekawan inggih menika faktor fonologis tembung, faktor gramatikal tembung, faktor gramatikal frasa, faktor gramatikal klausa saha faktor leksikal tembung.
Pamijining tembung: Novel, Analisis Semantik, AmbiguitasNOVI ANGGITA PUTRInovi.anggita2016@student.uny.ac.id2020-12-29T06:47:59Z2020-12-29T06:47:59Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/67396This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/673962020-12-29T06:47:59ZSAPARAN ING PADHUKUHAN SOKOMOYO, KALURAHAN JATIMULYO, KAPANEWON GIRIMULYO, KABUPATEN KULON PROGOPanaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun saparan ing Padhukuhan Sokomoyo, prosesi, ubarampe, makna simbolik, saha paedahipun saparan kangge masarakat.
Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Caranipun ngempalaken data ngginakaken observasi partisipatif, wawancara mendalam, saha study dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu kamera, buku cathetan, saha handphone. Caranipun nganalisis data onten panaliten menika ngginakaken teknis analisis induktif. Caranipun ngesahaken data ngginakaken triangulasi sumber saha triangulasi metode.
Asailing panaliten menika nedahaken bilih: (1) Mula bukanipun saparan ing Padhukuhan Sokomoyo kala rumiyin ing Padhukuhan Sokomoyo wonten wabah penyakit ingkang boten wonten tambanipun, lajeng dipunwontenaken slametan, kawiwitan taun 1950 saben wulan sapar. (2) Prosesi saparan ing Padhukuhan Sokomyo kaperang dados gangsal, inggih menika: (a) cecawis papan, (b) nyadran, (c) cecawis ubarampe, (d) kirab saha upacara, (e) pagelaran ringgit purwa. (3) Makna simbolik ubarampe ingkang dipunginakaken wonten salebeting saparan ing Padhukuhan Sokomoyo minangka raos syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring keslametan, kamulyan, kabagaswarasan, saha kaberkahan. Ubarampe ingkang dipunginakaken ugi kangge sarana ngemutaken dahateng para leluhur ingkang sampun sumare. Kajawi saking menika sadaya ubarampe ugi gayut kaliyan pagesangan manungsa. (4) Paedahipun saparan ing Padhukuhan Sokomoyo tumraping warga masarakat inggih menika: (a) paedah ing bidang sosial, (b) paedah ing bidang ekonomi, (c) paedah ing bidang budaya, (d) paedah ing bidang pariwisata, (e) paedah ing bidang agama.Arum Migi Rohanaarum_migi@yahoo.com2020-12-29T06:31:42Z2020-12-29T06:31:42Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69313This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/693132020-12-29T06:31:42ZTRADHISI RUWATAN AGUNG TUMAPAKING LAKU SUCI WONTEN ING GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGOPanaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usul wontenipun Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci, prosesi lampahing Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci Wonten ing Gunung Lanang Dhusun Bayeman Desa Sindutan Kecamatan Temon Kabupaten Kulon Progo, Fungsi Spiritual Ruwatan Kagem Masarakat Panyekuyung, saha Paedah Tradhisi Ruwatan ingkang kaandhut wonten ing Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci Wonteng ing Gunung Lanang Dhusun Bayeman Desa Sindutan Kecamatan Temon Kabupaten Kulon Progo.
Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken pengamatan langsung utawi observasi saha wawan rembag utawi wawancara. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode.
Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci menika dipunadani wonten ing Gunung Lanang Dhusun Bayeman, Kecamatan Temon, Kabupaten Kulon Progo. Tradhisi menika dipunadani saben malem 1 Suro. Papan menika saged paring berkah utawi wangsit. Papan menika dados papan semedi saha pados berkah. Upacara-upacara lan ritual adat menika asring dipunadani wonten ing papan menika. (2) Saderengipun nindakaken ritual menika, peserta utawi masarakat kedah nyuceaken dhiri migunaaken toya saking Tirto Kencono, amargi toya menika dipunpitadosi saged nambani lelara. Salajengipun nindakaken persiapan batin ing Sasana Jiwo kanthi donga supados dipunlindungi wektu nindakaken ritual menika. Salajengipun, peserta nindaaken semedi wonten ing Sasana Sukma. (3) Sesaji ingkang dipuncawisaken nalika Ruwatan inggih menika ingkung, sekar roncean, tumpeng robyong pethak kaliyan kuning, wowohan, ndhas maesa, lan arta logam. (4) Fungsi spiritual ruwatan kagem masarakat panyengkuyung kawontenan 2 inggih menika fungsi hiburan kaliyan wisata. (5) Paedah ingkang kaandhut wonten ing Tradhisi Ruwatan Agung Tumapaking Laku Suci inggih menika paedah spiritual kaliyan paedah sosial.
Pamijining Tembung: Tradhisi, Ruwatan, Gunung Lanang.Wike Windiyartiwindiyartiwike@gmail.com2020-12-29T06:30:41Z2020-12-29T06:30:41Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69312This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/693122020-12-29T06:30:41ZDAMEL MEDIA PASINAON POP UP BOOK NYAMPING WONTEN ING UPACARA TINGKEBAN MAWI PENDEKATAN SAINTIFIK KANGGE SISWA KELAS XIIAncasing saking panaliten inggih menika: 1) ngandharaken caranipun damel media pasinaon pop up book nyamping ingkang wonten ing upacara tingkeban mawi pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII; 2) ngandharaken pambijining kualitas media pasinaon pop up book nyamping ingkang wonten ing upacara tingkebanmawi pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII lumantar validasi dening dosenahli; 3) ngandharaken pamrayogi saking guru basa Jawi tumrap kualitas pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII. Panaliten menika kalebet paneliten Research and Development (R&D). Asiling panaliten inggih menika; 1) media pasinaon arupi pop up book mawi pendekatan saintifik dipundamel kanthi 4 tataran inggih menika; studi awal penelitian, desain, pengembangan, saha validasi; 2) pambiji dosen ahli tumprap materi pikantuk 84,2 % saha pambiji dosen ahli tumprap media pikantuk 78,9%; 3) pambijinipun guru basa Jawi SMA N 1 Banguntapan pikantuk 91,2%. Asiling reratan persentase pungkasan pikantuk 84,8%, kanthi revisi sawetawis. Asiling pambiji nedahaken bilih media pop up book nyamping bathik wonten ing upacara tingekaban mawi pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII menika sampun layaksaha saged dipunginakaken kangge pasinaon basa Jawi wonten ing kelas.
Pamijining tembung:media pasinaon, pop up book, nyamping, tingkeban, pendekatan saintifik.Maria Yosephine Alam Pagi Yuliarsamaria.yosephine2016@student.uny.ac.id2020-12-29T06:28:12Z2020-12-29T06:28:12Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69311This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/693112020-12-29T06:28:12ZKAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PANGRÊMBAG BAB PANGGULAWÊNTHAHING LARÉ WONTÊN ING SÊRAT BANGUNNAKNIKPanalitèn mênikå ngêwrat gangsal ancas, inggih mênikå kanggé: 1) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Bangun-Naknik, 2) ndamêl alih tulis teks Sêrat Bangun-Naknik, 3) ndamêl suntingan teks Sêrat Bangun-Naknik, 4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Bangun-Naknik, 5) ngandharakên pangrêmbag bab panggulawênthahing laré wontên ing Sêrat Bangun-Naknik.
Metode ingkang dipunginakakên wontên ing panalitèn mênikå wontên tigå. Ingkang sapisan inggih mênikå metode panalitèn filologi modern, kaginakakên kanggé nggarap naskah Sêrat Bangun-Naknik ingkang kasêrat cithak mawi aksårå Jåwå. Metode panalitèn ingkang kaping kalih inggih mênikå metode deskriptif, kaginakakên kanggé nggambarakên kawontênanipun naskah Sêrat Bangun-Naknik. Wondéné ingkang kaping tigå ngginakakên metode analisis isi (content analysis) kanggé ngrêmbag isinipun teks Sêrat Bangun-Naknik. Sumbêr data panalitèn mênikå inggih naskah Bangun-Naknik koleksi Perpustakaan Dewantara Kirti Griya Taman Siswa Yogyakarta kanthi kode koleksi 1732. Teknik ngêmpalakên data wontên ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, alih tulis teks, suntingan teks, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis isi (content analysis). Validitas ingkang dipunginakakên inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang kaginakakên inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå reliabilitas interrater.
Asiling panalitèn saking Sêrat Bangun-Naknik inggih mênikå wontên gangsal. Ingkang sêpisan inggih mênikå kawontênaning naskah ingkang taksih saé såhå sagêd kawaos, namung wontên sapérangan naskah ingkang suwék. Kaping kalih, alih tulis teks kapanggihakên sêratan ingkang lêpat, inggih mênikå aksårå swårå ‘A’ ingkang dipunparingi sandhangan pêpêt såhå cêcak. Tigå, wontên ing suntingan teks kapanggihakên tigang têmbung ingkang dipun-sunting inggih mênikå têmbung layangamu, banju, såhå kukokaké ingkang dipun-sunting dados layanganmu, banjur, såhå tukokaké. Sêkawan, terjemahan teks kapanggihakên sêkawan têmbung ingkang botên dipun-terjemah-akên inggih mênikå sêpasar, sèn, slêpén, såhå tobil. Kaping gangsal inggih mênikå asiling pangrêmbag bab panggulawênthahing laré kanthi nindakakên analisis isi (content analysis) ingkang kapanggihakên ing salêbêting teks Bangun-Naknik wontên 13 inggih mênikå (1) Nepangakên agami (2) Laré dipungladhi adus piyambak supados sagêd mandiri (3) Nginggah kéwan kanggé ngajari laré tanggél jawab (4) Ngajari laré unggah-ungguh (5) Ngginakakên gugon tuhon kanggé paring pitutur kanggé laré (6) Nyariosakén dongéng sadèrèngipun tilêm (7) Paring pitutur (8) Tumindak adil (9) Ndolani laré mawi dolanan tradisional (10) Maringi kêsênêngan laré supados botên nangis (11) Mênging laré kanthi ngandharakên bab ingkang dipunlarang supados botên nindakakên larangan kasêbut (12) Ngrimat laré ing padintênan (13) Nyêkolahakên laré.Ani Munikaanimunika38@gmail.com2020-12-29T06:25:14Z2020-12-29T06:25:14Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69310This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/693102020-12-29T06:25:14ZRAGAM BASA JAWI WONTEN ING CERBUNG RAJAPATI ING PERENG WILIS ANGGITANIPUN KUKUH S. WIBOWOAncasing panaliten menika kangge ngandharaken ragam basa Jawi wonten ing salebeting cerbung Rajapati ing Pereng Wilis anggitanipun Kukuh S. Wibowo. Bab menika ngrembag jinising ragam basa Jawi, fungsi ragam basa, saha ancasing saking ragam basa Jawi.
Panaliten menika awujud panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud tuturan saking paraga ingkang ngginakaken jinising ragam basa Jawi adhedasar keformalan saha fungsi ragam basa. Sumber data saking panaliten menika, cariyos sambung wonten ing salebeting kalawarti Panjebar Semangat edisi 17-34, 23 April-20 Agustus 2011, episod 1 dumugi 18 kanthi irah-irahan Rajapati ing Pereng Wilis anggitanipun Kukuh S. Wibowo. Anggenipun ngempalaken data dipuntindakaken dening panaliten kanthi ngginakaken kertu data ingkang dados pirantosipun. Data panaliten dipunkempalaken kanthi ngginakaken teknik maos saha nyerat (cathet). Analisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika analisis deskriptif.
Asiling panaliten menika, jinising ragam basa Jawi adhedasar keformalan, fungsi ragam basa, saha ancasing saking ragam basa ingkang kaginakaken wonten ing cariyos sambung Rajapati ing Pereng Wilis. Ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika ragam beku, ragam resmi, ragam usaha, ragam santai, saha ragam akrab. Fungsi ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika fungsi instrumental (meksa, ngyakinaken, prentah, panyuwun, pangajak, saha nyukani pamrayogi), fungsi regulasi, fungsi representasional (mahyakaken kasunyatan, nedahaken kasunyatan, saha ngakoni kasunyatan), fungsi interaksional (sapa aruh, pasarujukan/wangsulan, saha pitakenan), fungsi personal, (raos pasrah, bimbang, manteb, duka, bingung, ajrih, sedhih, jengkel, gumun, umuk, pamer, bingah, kaget, geguyonan, sereng, saha srengen), fungsi heuristik, saha fungsi imajinatif.
Pamijining tembung: Ragam basa Jawi, Rajapati ing Pereng Wilis.Ega Novia Putrieganovia45@gmail.com2020-12-29T06:24:11Z2020-12-29T06:24:11Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69309This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/693092020-12-29T06:24:11ZKALEPATAN PANGANGGENING BASA JAWI WONTEN AKUN DRAFT SMS UGM APLIKASI LINE JANUARI-MARET 2017Ancasing panaliten inggih menika kangge ngandharaken kalepatan wonten Akun Draft SMS UGM Aplikasi Line Januari-Maret 2017. Wujudipun kalepatan ingkang dipunrembag ing panaliten inggih menika kalepatan fonologis saha morfologis basa Jawinipun. Mliginipun basa Jawi ngoko ingkang lepat wonten Akun Draft SMS UGM.
Panaliten menika minangka panaliten deskriptif. Sumber datanipun awujud Akun Draft SMS UGM wonten Aplikasi Line edisi Januari-Maret 2017. Data panaliten awujud tembung-tembung basa Jawi ingkang ngemu kalepatan ing perangan fonologis saha morfologis ing Akun Draft SMS UGM Aplikasi Line. Basa Jawi ingkang dipunginakaken inggih menika basa ngoko ingkang adatipun dipunginakaken ing basa padintenan. Data dipunkempalaken kanthi cara waos saha cathet lajeng dipunanalisis kanthi teknik analisis deskriptif. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha expert judgment. Teori ingkang dipunginakaken inggih menika teori kalepatan fonologi saha morfologi. Expert judgment ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi cara konsultasi kalihan tiyang ingkang ahli, ahli ingkang dipunkajengaken ing panaliten menika dosen pembimbing Dene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas.
Asiling panaliten nedahaken bilih pesan wonten akun Draft SMS UGM
Aplikasi Line menika taksih wonten kalepatan fonologis saha morfologis Basa Jawi. Kalepatan fonologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika kalepatan ejaan. Kalepatan fonologis menika gayut kalihan tembung ingkang dipuntambah vokal utawi konsonan, dipunkirangi vokal utawi konsonan, saha panyerating tembung ingkang lepat ejaan vokal utawi konsonan. Dene kalepatan morfologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika kalepatan proses pandhapuking tembung inggih menika panyerating ater-ater, panambang, wuwuhan sesarengan ingkang dipunpisah, tembung rangkep ingkang kirang tandha panggandheng saha ingkang dipunringkes ngginakaken angka kalih, saha kalepatan panyerating tembung klitika.
Pamijining tembung: panyerating tembung, kalepatan fonologis, kalepatan morfologis.Yesria Luthfiananti Nuri Sabella64yessabella@gmail.com2020-12-29T06:15:11Z2020-12-29T06:15:11Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69307This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/693072020-12-29T06:15:11ZTINDAK TUTUR DEKLARATIF WONTEN ING NOVEL “KUMPULE BALUNG PISAH” ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. MPanaliten menika katindakaken kanthi ancas kangge ngandharaken bab tindak tutur deklaratif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Perkawis ingkang dipunadharaken ing panaliten inggih menika 1) jinis tindak tutur deklaratif, 2) titikan tindak tutur deklaratif, saha 3) fungsi tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M.
Panaliten menika kalebet ing jinis panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika wujudipun tembung, frasa, klausa saha ukara ing salebeting Novel Kumpule Balung Pisah ingkang ngemot tindak tutur deklaratif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik maos-nyathet. Data dipunanalisis kanthi analisis deskreptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas pertimbangan ahli, validitas semantik saha validitas triangulasi teori, dene kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intrarater.
Asiling panaliten ngandharaken bilih jinis tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M wujudipun inggih menika tindak tutur langsung literal, tindak tutur langsung tidak literal saha tindak tutur tidak langsung tidak literal . Wujud titikan tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M inggih menika awujud titikan tembung kriya, frasa bertingkat, nomina, adjetiva, klausa bebas, terikat saha ukara cariyos, ptakenan, pakon. Fungsi tindak tutur deklaratif wonten ing Novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M inggih menika kangge ngandharaken tumindak paring nama, paring ukuman, nunjuk, mutusaken, nemtokaken, melarang, nolak, paring idi, paring pangapura saha boten sarujuk. Tindak tutur deklaratif langsung literal fungsinipun kangge ngandharaken tumindak sarujuk, boten sarujuk, mutusaken, paring idi, melarang, nemtokaken, nunjuk, paring pangapura saha paring na ma. Tindak tutur deklaratif tidak langsung literal fungsinipun kangge ngandharaken tumindak boten sarujuk, nunjuk, mutusaken, nemtokaken, paring ukuman, paring idi saha melarang. Lajeng tindak tutur deklaratif tidak langsung literal fungsinipun kangge ngandharaken tumindak melarang saha boten sarujuk.Daiva Moktika Maharanidaivamoktikamaharani@gmail.com2020-12-29T06:04:46Z2020-12-29T06:04:46Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69298This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692982020-12-29T06:04:46ZTINDAK TUTUR DIREKTIF ING NOVEL “KUMPULE BALUNG PISAH” ANGGITANIPUN ACHMAD SAEROZI A. M.Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken bab tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Perkawis ingkang kaandharaken inggih menika: jinising tindak tutur direktif ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M., titikan tindak tutur direktif ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M., saha fungsi tindak tutur direktif ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M.
Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Data panaliten menika awujud tembung, frasa, klausa saha ukara ingkang ngewrat tindak tutur direktif. Sumber data ingkang ingkang dipunginakaken inggih menika novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad saerozi A. M. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika ngginakaken teknik maos saha nyerat. Data dipunanalisis kanthi analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori saha professional judgment. Dene, reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika uji reliabilitas stabilitas.
Asiling panaliten menika ngandharaken jinis, titikan, saha fungsi tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. Jinisipun tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. wonten sekawan inggih menika: (1) tindak tutur direktif langsung literal, (2) tindak tutur direktif boten langsung literal, (3) tindak tutur direktif langsung boten literal, saha (4) tindak tutur direktif boten langsung boten literal. Titikan tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. saged dipuntingali wonten ing tuturanipun, titikanipun awujud tembung, frasa, klausa, menapa ukara. Fungsinipun tindak tutur direktif wonten ing novel Kumpule Balung Pisah anggitanipun Achmad Saerozi A. M. inggih menika: (1) tindak tutur direktif langsung literal ingkang fungsinipun kangge paminta, pitaken, printah, pamenging, maringi idi, saha maringi saran; (2) tindak tutur direktif boten langsung literal ingkang fungsinipun kangge pitaken saha maringi saran; (3) tindak tutur direktif langsung boten literal ingkang fungsinipun kangge paminta, printah, pamenging, maringi idi, saha maringi saran; saha (4) tindak tutur direktif boten langsung boten literal ingkang fungsinipun kangge pitaken, printah, saha maringi saran.
Pamijining tembung: pragmatik, tindak tutur, direktif, novel, Kumpule, SaeroziDwi Wulandariwulandaridwi666@gmail.com2020-12-29T06:02:53Z2020-12-29T06:04:20Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/69297This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/692972020-12-29T06:02:53ZKAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT PIWULANGAncasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên asiling inventarisasi naskah Sêrat Piwulang, (2) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Piwulang, (3) ndamêl transkripsi teks Sêrat Piwulang, (4) ndamêl transliterasi teks Sêrat Piwulang, (5) ndamêl suntingan teks Sêrat Piwulang, (6) ndamêl terjemahan teks Sêrat Piwulang, såhå (7) ngandharakên piwulang moral wontên teks ingkang kawrat ing naskah Sêrat Piwulang.
Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi modern såhå metode panalitèn filologi deskriptif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggarap naskah Sêrat Piwulang ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå cithak. Metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé ngandharakên naskah Sêrat Piwulang kanthi objektif. Sumber panalitèn mênikå, naskah Sêrat Piwulang koleksi Museum Jawa Tengah Ranggawarsita Semarang. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transkripsi teks, transliterasi teks, suntingan teks, såhå terjemahan teks. Salajêngipun isining teks dipun-analisis ngginakakên analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas inttrarater såhå interrater.
Asiling panalitèn mênikå ngandharakên pitung bab. Sapisan, kapanggihakên satunggal eksemplar naskah Sêrat Piwulang ingkang kasimpen ing Museum Jawa Tengah Ranggawarsita Semarang. Kaping kalih, kawontênaning (deskripsi) naskah Sêrat Piwulang taksih saé, sêratanipun taksih cêthå, såhå gampil dipunwaos. Kaping tigå, transkripsi teks dipungarap kanthi ngginakakên metode transkripsi diplomatik. Sakawan, transliterasi teks dipungarap kanthi ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin adhêdhasar Ejaan yang Disempurnakan. Gangsal, suntingan teks ngginakakên metode suntingan edisi standar, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik, temuan sêratan, såhå ciri khas sêrataning teks. Enêm, terjemahan teksdipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahanmênikå dipungarap kanthi kontekstual. Ing terjemahan teks, wontên têmbung-têmbung ingkang wontên cathêthan terjemahan-ipun kanggé nggampilakên nêgêsi têmbung-têmbung ingkang angèl dipun-terjemah-akên kanthi kasêrat alternatif pemahaman-ipun. Pitu, asiling ngrêmbag isining teks Sêrat Piwulang kapanggihakên tigang jinis piwulang moral, inggih piwulang moral manungså dhumatêng Gusti, piwulang moral manungså dhatêng sêsami, såhå piwulang moralmanungså tumrap piyambakipun. Pamijining têmbung: filologi, piwulang moral, Teks Sêrat PiwulangHasan Shiddiqshiddiqwae@gmail.com