Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-28T10:57:13ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2015-09-03T01:46:22Z2019-01-30T03:21:50Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25806This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/258062015-09-03T01:46:22ZRAGAM BASA JAWI WONTEN ING SALEBETING NASKAH SANDIWARA MATA KULIAH SANGGAR SASTRA JAWAAncasing panaliten menika kangge ngandharaken ragam basa Jawi wonten salebeting naskah sandiwara mata kuliah Sanggar Sastra Jawa mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah 2010. Wonten ing panaliten menika ugi ngandharaken fungsi ragam basanipun.
Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika arupi pacelathon paraga wonten ing salebeting naskah sandiwara mata kuliah Sanggar Sastra Jawa. Sumber data panaliten menika arupi naskah sandiwara mata kuliah Sanggar Sastra Jawa. Caranipun ngempalaken data ing panaliten menika kanthi teknik maos saha teknik nyathet. Instrumen panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing teknik ngempalaken data menika kartu data saha human instrumen. Teknik analisis data ing panaliten menika ngginakaken teknik deskriptif, inggih menika panaliti ngandharaken ragam saha fungsi basa wonten ing salebeting naskah sandiwara mata kuliah Sanggar Sastra Jawa. Validitas wonten ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi ngginakaken teknik triangulasi teori saha reliabilitas data ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas.
Asiling panaliten menika ngandharaken jinising ragam basa Jawi saha fungsinipun ragam basa ingkang kaginakaken wonten ing salebeting naskah sandiwara mata kuliah Sanggar Sastra Jawa mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah 2010. Ragam basa ingkang dipunpanggihaken inggih menika ragam beku, ragam resmi, ragam usaha, ragam santai saha ragam akrab. Fungsi ragam basa ingkang dipunpanggihaken wonten ing ragam beku namung fungsi imajinatif. Fungsi ragam basa ingkang dipunpanggihaken wonten ing ragam resmi inggih menika fungsi interaksional saha fungsi personal. Wonten ing ragam usaha inggih menika fungsi instrumental. Bilih wonten ing ragam santai inggih menika fungsi instrumental, fungsi regulasi, fungsi representasional, fungsi interaksional, fungsi personal, fungsi heuristik saha fungsi imajinatif. Fungsi ragam basa ingkang dipunpanggihi wonten ing ragam akrab inggih menika fungsi instrumental, fungsi regulasi, fungsi representasional, fungsi interaksional, fungsi personal, fungsi heuristik saha fungsi imajinatif.Dicky Aria Krisna Yudha