Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-29T12:10:14ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2015-05-06T03:10:27Z2020-09-24T04:13:33Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/18214This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/182142015-05-06T03:10:27ZBEDANIPUN ASILING PASINAON NGGINAKAKEN MODEL PASINAON MAKE A MATCH KALIYAN MODEL PASINAON EXAMPLE NON EXAMPLE WONTEN KATRAMPILAN NYERAT UKARA MAWI AKSARA JAWA TUMRAP SISWA KELAS VII SMP N 1 KLATENPanaliten menika ancasipun kangge ngandharaken bedanipun asiling pasinaon ngginakaken model pasinaon make a match kaliyan model example non example wonten katrampilan nyerat ukara mawi aksara Jawa tumrap siswa kelas VII SMP N 1 Klaten. Panaliten menika mujudaken panaliten kuantitatif.
Desain panaliten ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika quasi eksperimental design. Variabel independen ingkang dipunginakaken inggih menika model pasinaon make a match kaliyan model pasinaon example non example. Variabel dependen-ipun katrampilan nyerat ukara mawi aksara Jawa. Populasi panaliten menika siswa kelas VII SMP N 1 Klaten. Adhedhasar simple random sampling, sample ingkang kapilih inggih menika kelas VIID minangka kelas make a match saha kelas VIIE minangka kelas example non example. Validitas instrument panaliten menika ngginakaken validitas isi. Reliabilitas instrument ngginakaken rumus Alpha Cronbach tumrap soal mengalihtuliskan kaliyan rumus KR-20 tumrap soal menjodohkan. Teknik analisis data ngginakaken uji-t.
Asilipun panaliten menika dipunandharaken adhedhasar asiling uji-t data posttest kelas eksperimen. Asiling uji-t inggih menika nilai t = - 0,966 kanthi taraf signifikansi 0,05. P= 0,337, nilai P kasebut langkung ageng saking taraf signifikansi 0,05 pramila Ha boten dipuntampi. Andharan kasebut ateges boten wonten beda ingkang signifikan asiling pasinaon ngginakaken model pasinaon make a match kaliyan model pasinaon example non example wonten katrampilan nyerat ukara mawi aksara Jawa tumrap siswa kelas VII SMP N 1 Klaten.Herlyn Yunita Purnamasari