Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-28T14:47:31ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2015-04-16T03:19:06Z2020-09-24T04:13:31Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/16736This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/167362015-04-16T03:19:06ZBASA PROKEM KAWULA MUDHA ING DESA TUKINGGEDONG KABUPATEN KEBUMENAncasing panaliten menika ngandharaken basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha ing Desa Tukinggedong Kabupaten Kebumen. Bab ingkang karembag inggih menika pandhapuking tembung prokem, bedanipun prokem kawula mudha pria kaliyan wanita, saha fungsinipun basa prokem salebeting pawicantenan.
Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Subjek wonten ing panaliten menika para kawula mudha ingkang wonten ing Desa Tukinggedong Kabupaten Kebumen. Objek panaliten menika inggih menika pandhapuking, bedanipun basa prokem pria saha wanita, saha fungsi basa prokem. Data dipunkempalaken kanthi cara simak bebas libat cakap, simak libat cakap, cara rekam, saha cara nyathet. Anggenipun ngempalaken data dipunwiwiti wulan September 2014 dumugi titik kapanggihaken jenuh data. Cara ngudhari data inggih menika kanthi nganalisis awal ingkang kalajengaken nganalisis lanjutan. Caranipun uji validitas data ngginakaken triangulasi teori saha pamanggihipun para ahli, lajeng kangge uji reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas.
Asiling panaliten gayut kaliyan pandhapuking basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha pria inggih menika 1) singkatan, 2) metatesis, 3) mujudaken makna enggal, 4) nyingidaken setunggal utawi langkung wandanipun. Basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha wanita gayut kaliyan pandhapuking inggih menika 1) muwuhi vokal (u) saha –in, 2) nggantos konsonan tartamtu mawi konsonan (f), 3) nggantos vokalipun mawi vokal sanes. Basa prokem ingkang kaginakaken dening kawula mudha pria saha wanita ing Desa Tukinggedong Kabupaten Kebumen gayut kaliyan fungsinipun inggih menika 1) nyingidaken satunggaling perkawis, 2) ndadosaken langkung akrab, 3) ndadosaken lucu, 4) nedahaken solah bawa saha pangraosaning manah, 5) ngalusaken tembung ingkang kaanggep kasar supados langkung alus, saha 6) ngandharaken panyaruwe.Heri Priyanto