Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-28T22:22:39ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2016-06-27T03:19:13Z2019-05-09T07:18:58Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/35445This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/354452016-06-27T03:19:13ZMekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMKAncasing panaliten menika kangge ngandharaken: (1) tata cara mekaraken kamus basa Jawi digital mawi aplikasi Android kanthi kualitas sae, (2) tingkat kelayakan produk kamus basa Jawi digital ingkang dipundamel mawi aplikasi android tumrap siswa SMA/SMK adhedhasar pambijinipun para validator, saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi kaliyan siswa dhateng produk kamus basa Jawi digital mawi aplikasi andorid tumrap siswa SMA/SMK.
Panaliten pengembangan menika ngginakaken model pengembangan miturut Borg saha Gall. Tata caranipun damel produk kaperang dados tigang tataran, inggih menika tataran studi wiwitan, tataran damel produk, saha tahap tataran uji lapangan. Pambijining produk dipuntindakaken dening ahli materi, ahli media, guru basa Jawi saha ujicoba dhateng siswa. Uji coba winates dipuntindakaken dhateng siswa cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 2
Salam cacah setunggal, sarta siswa SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal. Subjek uji coba lapangan ingkang langkung wiyar inggih menika siswa SMK Muhammadiyah 2
Salam saha SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah sewidak sarta guru basa Jawi cacah enem ingkang kaperang saking guru SMK Muhammadiyah 2 Salam cacah setunggal, guru SMK Muhammadiyah 1 Salam cacah kalih, guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal, guru SMK Negeri 1 Salam cacah setunggal, saha guru SMA Negeri 1 Muntilan cacah setunggal. Data asiling ujicoba dipunpendhet mawi kuesioner lajeng dipun-analisis kanthi deskriptif kuantitatif.
Asiling panaliten menika arupi aplikasi kamus basa Jawi digital mawi android tumrap siswa SMA/SMK. Panaliten menika ugi ngasilaken data kualitas saha kelayakan produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android ingkang kalebet kategori sae sanget. Asil pambijinipun kualitas produk dening ahli media, ahli materi ugi guru basa Jawi kalebet kategori sae sanget. Para siswa saha guru basa Jawi ugi sarujuk sanget kanthi wontenipun mulitmedia kamus basa Jawi digital mawi android. Adhedhasar biji kasebut, mila produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android layak sanget dipunginakaken ing salebeting pasinaon basa Jawi. Ing tembenipun, produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android dipunangkah saged dipunmupangataken minangka salah satunggaling sarana pambiyantu ngindhakaken seserepanipun para siswa bab kawruh tetembungan basa JawiNur Hanifah Insani2015-08-11T11:15:58Z2019-01-30T01:47:04Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24754This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/247542015-08-11T11:15:58ZKAMUS ELEKTRONIK BASA JAWI KANGGE SISWA SMP MINANGKA SUMBER ALTERNATIF PASINAON BASA JAWIAncasing panaliten menika kangge ngandharaken tata cara mujudaken kamus elektronik basa Jawi ingkang dipundamel ngginakaken software Microsoft Visual Basic 6.0 kanthi kualitas sae. Kejawi saking menika, produk media ingkang dipundamel ugi saged dados sumber alternatif pasinaon basa Jawi.
Metode panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode Research and Development (R&D) kanthi model prosedural. Wonten sekawan tahapan ingkang dipunlampahi kangge damel produk media pasinaon, inggih menika (1) tahap observasi; (2) tahap damel rantamaning panaliten; (3) tahap damel produk; (4) tahap pambijining produk. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken angket. Cara nganalisis data kanthi analisis deskriptif.
Asiling panaliten menika arupi software kamus elektronik basa Jawi kangge siswa SMP ingkang dipunginakaken mawi komputer. Kejawi saking menika, panaliten menika ugi ngasilaken data kualitas media pasinaon kamus elektronik basa Jawi kanthi asil kados mekaten; (1) asil pambijining produk dening dosen ahli materi kaping pungkasan pikantuk rata-rata prosentase 95,38% ingkang kalebet kategori sae sanget; (2) asil pambijining produk dening dosen ahli media kaping pungkasan pikantuk rata-rata prosentase 90,77% ingkang kalebet kategori sae sanget; (3) asil pambijinipun guru basa Jawi SMP pikantuk rata-rata prosentase 100% ingkang kalebet kategori sae sanget; (4) asil pamanggihipun siswa pikantuk rata-rata prosentase pasarujukan 86,76% ingkang kalebet kategori sarujuk sanget dhateng media pasinaon ingkang dipundamel. Adhedhasar pambijining produk dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi SMP, saha angket pamanggihipun siswa, rata-rata prosentase sedayanipun inggih menika 93,23% ingkang kalebet kategori sae sanget. Prosentase menika nedahaken bilih software kamus elektronik basa Jawi menika layak dipunginakaken minangka sumber alternatif pasinaon basa Jawi.Nur Hanifah Insani