Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-29T14:14:11ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2016-08-08T07:01:37Z2019-05-09T07:29:27Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/39127This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/391272016-08-08T07:01:37ZFalsafah Hidup Catur Marga Yoga wontên ing Naskah Sêrat Bhagawad GitaAncasing panalitèn mênikå inggih kanggé ngandharakên: (1) cak-cakanipun panalitèn filologi tumrap naskah Sêrat Bhagawad Gita, (2) falsafah hidup Catur Marga Yoga, såhå (3) piwulang Catur Marga Yoga wontên ing naskah Sêrat Bhagawad Gita.
Panalitèn mênikå migunakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn kualitatif. Lampahing panalitèn filologi ingkang dipuntindakakên antawisipun inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi, suntingan såhå terjemahan. Wondéné metode kualitatif kanggé ngandharakên falsafah hidup såhå piwulang saking teks. Sumbêr data panalitèn inggih mênikå naskah Sêrat Bhagawad Gita. Teks ingkang dipuntaliti wontên sakawan teks, inggih mênikå teks Panunggal sarånå Pandamêl (PP), Panunggal sarånå Kawicaksanan (PK), Piwulang Panunggal sarånå Kawruh kang Luhur, tuwin Wêwados kang Luhur (PPKLWL), sartå Panunggal sarånå Bêkti (Panêmbah) (PB). Analisis data dipuntindakakên kanthi analisis deskriptif kualitatif. Wondéné kanggé ngêsahakên data migunakakên validitas semantik såhå reliabilitas intrarater såhå interrater.
Asiling panalitèn inggih mênikå. (1) Adhêdhasar cak-cakanipun panalitèn filologi dhatêng naskah Sêrat Bhagawad Gita kaasilakên teks kanthi sêratan aksårå Latin ingkang sampun rêsik saking sadåyå kalêpatan såhå teks mawi båså Indonesia. (2) Falsafah hidup teks PP inggih mênikå (a) tumindak minångkå kawajibaning manungså gêsang, (b) tumindak kanthi ngêkêr påncådriyå såhå nêpsu, (c) ngaturakên kurban dhatêng déwå (yadnya), (d) tumindak tånpå pamrih, (e) tumindak adhêdhasar Tri Guna. Falsafah hidup teks PK inggih mênikå (a) mangrêtosi kamulyaning Gusti, (b) margi panunggal, (c) kawruh bab tumindak, (d) kawruh bab yadnya, (e) kawruhing kawicaksanan. Falsafah hidup teks PPKLWL inggih mênikå (a) kaluhuraning darmå, (b) Gusti minångkå sumbêring sadåyå kawontênan (c) angluhurakên Gusti. Falsafah hidup teks PB inggih mênikå (a) yogi ingkang prayogi, (b) prinsip Bhakti Yoga, (c) trêsnå dhatêng Gusti. (3) Piwulang Catur Marga Yoga antawisipun (a) Karma Yoga minångkå margi panunggal asarånå tumindak kanthi masrahakên sadåyå asilipun dhatêng Gusti, (b) Jñana Yoga minångkå margi panunggal asarånå kawruh kawicaksanan, (c) Raja Yoga minångkå margi panunggal asarånå nindakakên tåpå bråtå, sartå (d) Bhakti Yoga minångkå margi panunggal asarånå bêkti såhå trêsnå dhatêng Gusti.Doni Dwi Hartanto2015-08-12T09:55:38Z2019-01-30T01:49:51Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24819This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/248192015-08-12T09:55:38ZUNDHA USUK BASA JAWI WONTEN ING SERAT PEDHALANGAN LAMPAHAN KRESNA DUTAPanaliten menika gadhah ancas saperlu ngandharaken jinisipun undha usuk basa Jawi saha prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta saged dipundadosaken tuladha panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing padintenan.
Jinis panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriftif. Data panaliten menika awujud ukara-ukara ingkang nedahaken panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak sarta kertu data kangge biyantu mendhet data. Data dipunkempalaken kanthi teknik maos saha teknik cathet, lajeng dipunlebetaken wonten ing kertu data saperlu dipunanalisis kanthi deskriptif. Caranipun ngesahaken data lumantar validitas saking lelimbangan ahli, saha reliabilitas.
Asiling panaliten inggih menika: (1) jinisipun undha usuk basa Jawi, inggih menika; (a) Ngoko Lugu, (b) Antya Basa, (c) Basa Antya, (d) Madya Ngoko, (e) Madya Krama, (f) Kramantara, (g) Wredha Krama, (h) Mudha Krama, (i) Krama Inggil, (j) Basa Kedhaton, (k) Basa Kasar, sarta (l) Basa Kadewatan; (2) prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta, inggih menika; (a) kawontenan pirembagan resmi menapa dene boten resmi, (b) hubungan raket antawising panutur kaliyan mitra tutur, yuswa, drajat, pangkat, saha status sosial, (c) ancasipun tuturan, (d) ukaranipun tuturan, (e) trapsila micantenan, (f) raos manahipun paraga dhateng mitra tutur, sarta (g) unggah ungguh basa panutur ingkang boten sae. Wonten ing panaliten menika ugi kapanggihaken tetembungan ingkang mligi dipunginakaken wonten ing pewayangan Jawi, saha panganggening jinis undha usuk ingkang boten tetep dening panyerat.Doni Dwi Hartanto