Lumbung Pustaka UNY: No conditions. Results ordered -Date Deposited. 2024-03-29T16:01:23ZEPrintshttp://eprints.uny.ac.id/apw_template/images/sitelogo.pnghttps://eprints.uny.ac.id/2015-08-11T15:59:35Z2020-10-19T05:15:58Zhttp://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24792This item is in the repository with the URL: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/247922015-08-11T15:59:35ZPIWULANG BUDI PEKERTI ING KEMPALAN CARIYOS TJAMPOER BAWOER DENING DARMAWIYATAPanaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken piwulang budi pekerti ingkang wonten ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer. Data ingkang dipunginakaken ing panaliten menika saking kempalan cariyos Tjampoer Bawoer dening Darmawiyata.
Ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer menika tansah ngewrat piwulang mapinten-pinten cacahipun. Cara ngempalaken data menika kanthi maos langkung rumiyin cariyosipun lajeng pados tembung saha ukara ingkang gegayutan kaliyan bab budi pekerti kanthi dipuncathet. Salajengipun data dipunrembag kanthi nggatosaken titikan anggenipun ngrembag saha dipunandharaken kanthi deskriptif. Keabsahan data menika ngginakaken reliabilitas intrarater ingkang ateges cara maos saha nliti menika kanthi dipunambali kaping kathah. Salajengipun dipunrembug malih kaliyan dosen saha kanca ingkang mangertos bab piwulang
budi pekerti.
Asiling panalitenipun inggih menika: 1) piwulang budi pekerti ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan Gusti Allah. Piwulang ingkang dipunpanggihaken menika wonten 4, inggih menika pasrah, narima, ikhlas, saha jujur.; 2) piwulang budi pekerti ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan dhiri pribadi. Piwulang ingkang dipunpanggihaken menika wonten 19, inggih menika kendel, seneng, eling, narima, mituhu marang pangandikanipun tiyang sepuh, tanggel jawab, sabar, ngangsu kawruh, prinsip / teguh, cerdas, tumindak kawiwiti niat ingkang sae, amanah, ikhlas, budidaya, wicaksana, jujur, tumindak boten pareng remen ngresula, tumindak boten pareng kawiwiti niat ingkang boten sae, saha tumindak boten pareng sembrana.; ingkang pungkasan 3) piwulang budi pekerti ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan paraga sanesipun. Piwulang ingkang dipunpanggihaken menika wonten 23, inggih menika tresna kaliyan sesami, tetulung, tresna marang anak, bekti marang tiyang sepuh, bekti marang pimpinan, musawarah, tanggel jawab, tresna marang kanca, tresna marang garwanipun, tresna marang rakyat, tresna marang tiyang sepuh, amanah / tepat janji, wicaksana, ngajeni tiyang sanes, sabar, jujur, seneng, tumindak kedah tetulung, tumindak boten pareng gumedhe, tumindak boten pareng cethil, tumindak boten pareng nyolong, tumindak boten pareng ngapusi, saha tumindak kedah wicaksana.Ady Cahyono