@book{UNY77609, publisher = {Dinas Kebudayaan DIY}, year = {2016}, address = {Yogyakarta}, series = {Kumpulan Makalah Kongres Bahasa Jawa VI 2016}, title = {MODEL-MODEL PENDAMPINGAN DALAM UPAYA PELESTARIAN DAN PENYELAMATAN MANUSKRIP-MANUSKRIP JAWA}, author = {Venny Indria Ekowati}, month = {November}, url = {http://eprints.uny.ac.id/77609/}, abstract = {Manuskrip minangka paseksen wontenipun kabudayan luhur ing satunggaling bangsa. Maneka warna kagunan sastra Jawi menapa dene sedaya asiling pangudharing gagasan ingkang ngemot maneka warni ilmu saha seserepan saged kapanggaihaken ing manuskrip. Ananging ing jaman sakmenika, manuskrip ingkang sinerat abasa Jawi saha mawi aksara Jawa sansaya boten kaconggah. Kawontenan menika dumados amargi tetiyang ingkang saged maos saha ngrembag bab wosing manuskrip menika sansaya sekedhik. Pramila, wonten manuskrip ingkang sampun risak nanging dereng saged dipunmangertosi menggah wosing manuskrip menika. Gayut kaliyat prekawis-prekawis ing inggil wau, prelu sanget kamanah wontenipun model-model utawi pamanggih minangka kupiya kangge nglestatntunaken saha nylametaken manuskrip-manuskrip Jawi. Salah satunggaling cara inggih menika kanthi ngampingi bebadan utawi institusi kolektor manuskrip supados saged langkung sae anggenipun ngrimat saha nglestantunaken koleksi manuskrip-ipun. Ingkang ngamping saged saking perguruan tinggi utawi bebadan sanes ingkang gadhah sumber daya manusia saha teknologi kangge ngrimat saha nglestantunaken manuskrip. Dene model-model pendampingan ingkang saged dipuncakaken inggih menika: (1) ngetrapaken teknologi tepat guna kangge ngudhar prekawis-prekawis bab risakipun manuskrip Jawi. Umpami kanthi cara digitalisasi saha konservasi manuskrip Jawi, (2) Ngadani pelatihan-pelatihan sarana ngindhakaken kaprigelan gayut kaliyan caranipun ngupakara manuskrip saha saged nindakaken panaliten bab manuskrip Jawi, (3) Ndandosi sistem katalogisasi naskah Jawi, saha (4) ngginakaken teknologi informasi minangka salah satunggaling cara kangge mbiwarakaken koleksi manuskrip klasik Jawi ing satunggaling bebadan.} }