TY - THES KW - geguritan KW - sosiopolitik kultural KW - nilai profetik Y1 - 2020/02/26/ ID - UNY70555 A1 - Amalah, Dahlia Nurul A1 - Suwardi, Suwardi TI - Realitas Sosiopolitik saha Nilai Profetik salebeting Antologi Geguritan Republik Tegalan (Kajian Sosioantropologi Religi Sastra). PB - Program Pascasarjana AV - public N2 - Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken aspek sosiopolitik kultural saha nilai profetik salebeting antologi geguritan Republik Tegalan mawi perspektif kajian sosioantroplogi religi sastra. Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif kualitatif kangge ngandharaken kedadosan ingkang kapanggihaken kanthi tumata, jumbuh kasunyatanipun, saha premati. Cara maos saha nyathet dipunginakaken kangge ngempalaken data awujud realitas sosiopolitik kultural saha nilai profetik. Cara analisis data ngginakaken analisis isi, inggih menika ngringkes data, mantha data, ngecakaken data, saha damel tafsiran. Panaliten menika dipunsahaken mawi validitas semantik saha validitas referensial, reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika ngecakaken kalih perkawis, inggih menika: (1) perkawis realitas sosiopolitik kultural ingkang awujud (a) kuwasa politik, (b) konflik politik, (c) demokrasi politik, saha (d) korupsi. Salebeting pirembagan kasebat kawrat budaya politik Jawa cara Sengkuni saha budaya politik Jawa cara Semar. (2) nilai profetik ingkang kapanggihaken awujud nilai (a) transendensi, ingkang awujud pepeling pejah, tansah dedonga, tansah dzikir, kapitadosan tumrap kuwasaning Gusti, saha tansah tumindak sabar; (b) nilai humanisasi, ingkang awujud njagi pasedherekan, perduli tumrap rakyat, saha perduli tumrap kulawarga; (c) nilai liberasi awujud perjuangan ngajeni pagesanganing bangsa, tumindak degsiya tumrap kabebasan seni, saha kabebasan pagesangan. Panaliten menika saged mupangat tumrap pagesangan masarakat. M1 - tesis UR - http://eprints.uny.ac.id/70555/ ER -