%L UNY69312 %K media pasinaon, pop up book, nyamping, tingkeban, pendekatan saintifik %X Ancasing saking panaliten inggih menika: 1) ngandharaken caranipun damel media pasinaon pop up book nyamping ingkang wonten ing upacara tingkeban mawi pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII; 2) ngandharaken pambijining kualitas media pasinaon pop up book nyamping ingkang wonten ing upacara tingkebanmawi pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII lumantar validasi dening dosenahli; 3) ngandharaken pamrayogi saking guru basa Jawi tumrap kualitas pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII. Panaliten menika kalebet paneliten Research and Development (R&D). Asiling panaliten inggih menika; 1) media pasinaon arupi pop up book mawi pendekatan saintifik dipundamel kanthi 4 tataran inggih menika; studi awal penelitian, desain, pengembangan, saha validasi; 2) pambiji dosen ahli tumprap materi pikantuk 84,2 % saha pambiji dosen ahli tumprap media pikantuk 78,9%; 3) pambijinipun guru basa Jawi SMA N 1 Banguntapan pikantuk 91,2%. Asiling reratan persentase pungkasan pikantuk 84,8%, kanthi revisi sawetawis. Asiling pambiji nedahaken bilih media pop up book nyamping bathik wonten ing upacara tingekaban mawi pendekatan saintifik kangge siswa kelas XII menika sampun layaksaha saged dipunginakaken kangge pasinaon basa Jawi wonten ing kelas. Pamijining tembung:media pasinaon, pop up book, nyamping, tingkeban, pendekatan saintifik. %D 2020 %A Maria Yosephine Alam Pagi Yuliarsa %I Fakultas Bahasa dan Seni %T DAMEL MEDIA PASINAON POP UP BOOK NYAMPING WONTEN ING UPACARA TINGKEBAN MAWI PENDEKATAN SAINTIFIK KANGGE SISWA KELAS XII