TY - THES ID - UNY69297 UR - http://eprints.uny.ac.id/69297/ AV - public M1 - skripsi TI - KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PIWULANG MORAL WONTÊN ING SÊRAT PIWULANG A1 - Shiddiq, Hasan Y1 - 2020/05/29/ N2 - Ancasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên asiling inventarisasi naskah Sêrat Piwulang, (2) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Piwulang, (3) ndamêl transkripsi teks Sêrat Piwulang, (4) ndamêl transliterasi teks Sêrat Piwulang, (5) ndamêl suntingan teks Sêrat Piwulang, (6) ndamêl terjemahan teks Sêrat Piwulang, såhå (7) ngandharakên piwulang moral wontên teks ingkang kawrat ing naskah Sêrat Piwulang. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi modern såhå metode panalitèn filologi deskriptif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggarap naskah Sêrat Piwulang ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå cithak. Metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé ngandharakên naskah Sêrat Piwulang kanthi objektif. Sumber panalitèn mênikå, naskah Sêrat Piwulang koleksi Museum Jawa Tengah Ranggawarsita Semarang. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transkripsi teks, transliterasi teks, suntingan teks, såhå terjemahan teks. Salajêngipun isining teks dipun-analisis ngginakakên analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas inttrarater såhå interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên pitung bab. Sapisan, kapanggihakên satunggal eksemplar naskah Sêrat Piwulang ingkang kasimpen ing Museum Jawa Tengah Ranggawarsita Semarang. Kaping kalih, kawontênaning (deskripsi) naskah Sêrat Piwulang taksih saé, sêratanipun taksih cêthå, såhå gampil dipunwaos. Kaping tigå, transkripsi teks dipungarap kanthi ngginakakên metode transkripsi diplomatik. Sakawan, transliterasi teks dipungarap kanthi ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin adhêdhasar Ejaan yang Disempurnakan. Gangsal, suntingan teks ngginakakên metode suntingan edisi standar, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik, temuan sêratan, såhå ciri khas sêrataning teks. Enêm, terjemahan teksdipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahanmênikå dipungarap kanthi kontekstual. Ing terjemahan teks, wontên têmbung-têmbung ingkang wontên cathêthan terjemahan-ipun kanggé nggampilakên nêgêsi têmbung-têmbung ingkang angèl dipun-terjemah-akên kanthi kasêrat alternatif pemahaman-ipun. Pitu, asiling ngrêmbag isining teks Sêrat Piwulang kapanggihakên tigang jinis piwulang moral, inggih piwulang moral manungså dhumatêng Gusti, piwulang moral manungså dhatêng sêsami, såhå piwulang moralmanungså tumrap piyambakipun. Pamijining têmbung: filologi, piwulang moral, Teks Sêrat Piwulang KW - filologi KW - piwulang moral KW - Teks Sêrat Piwulang PB - Fakultas Bahasa dan Seni ER -