TY - THES UR - http://eprints.uny.ac.id/69296/ ID - UNY69296 M1 - skripsi AV - public TI - KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ ETIKA MORAL WONTÊN ING SÊRAT PUSTÅKÅ WASIAT A1 - Iswanto, Azis Heru PB - Fakultas Bahasa dan Seni N2 - Ancasing panalitèn mênikå ngandharakên gangsal bab, inggih mênikå kanggé: (1) ngandharakên deskripsi naskah Sêrat Puståkå Wasiat, (2) damêl transliterasi teks Sêrat Puståkå Wasiat, (3) ndamêl suntingan teks Sêrat Puståkå Wasiat, (4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Puståkå Wasiat, såhå (5) ngandharakên etika moral ing salêbêting teks Sêrat Puståkå Wasiat. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn deskriptif. Sumbêr data saking panalitèn mênikå inggih naskah såhå teks Sêrat Puståkå Wasiat koleksi Museum Sånåbudåyå Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå kanthi inventarisasi naskah, deskripsi naskah, transliterasi teks, suntingan teks, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Validitas data ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Wondéné reliabilitas-ipun ngginakakên reliabilitas intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Sêpisan, kapanggihakên satunggal naskah Sêrat Puståkå Wasiat ingkang kasimpên wontên ing Museum Sonobudoyo Yogyakarta kanthi kode PB C 197. Kalih, kawontênan naskah Sêrat Kêmpalan Warna-warni taksih saé, såhå sêratanipun taksih cêthå dipunwaos. Tigå, translitêrasi teks Sêrat Puståkå Wasiat kanthi metode transliterasi standar. Sakawan, suntingan teks Sêrat Puståkå Wasiat ngginakakên metode suntingan standar, asiling têmbung-têmbung ingkang dipun-sunting wontên 16 têmbung ingkang kasêrat wonten ing aparat kritik. Gangsal, terjemahan teks Sêrat Puståkå Wasiat dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Ênêm, wujud etika moral ing salêbêting teks Sêrat Puståkå Wasiat ingkang kapanggihakên wontên 3, inggih mênikå (1) ngati-ati anggènipun ngucap, (2) nrimå, såhå (3) rumangsan. Sasanêsipun mênikå ugi kapanggihakên wujud etika moral sanèsipun inggih mênikå waspådå, nyêgah håwå nêpsu, sabar, tumindak saé, såhå adil. Y1 - 2020/05/27/ ER -