<> "The repository administrator has not yet configured an RDF license."^^ . <> . . . "PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH"^^ . "Asiling panaliten menika kangge ngandharaken jinising undha-usuk basa Jawi, fungsi panganggening undha-usuk basa Jawi, sarta prakawis ingkang ndayani panganggening undha-usuk basa Jawi wonten ing Panggugah. Panganggening undha-usuk basa Jawi wonten inng Panggugah saged dipundadosaken tuladha panganggening undha-usuk basa Jawi wonten ing padintenan.\r\nJinis panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriptif. Data panaliten menika awujud ukara-ukara ingkang nedahaken panganggening undha-usuk basa Jawi wonten ing buku Panggugah. Data dipunkempalaken kanthi teknik maos saha teknik nyerat, salajengipun dipunserat wonten ing kertu data saperlu dipunanalisis kanthi deskriptif. Pirantosing panaliten inggih menika panaliti piyambak. Caranipun ngesahaken data lumantar validitas expert judgement utawi lelimbangan ahli, saha reliabilitas intrarater. \r\nAsiling panaliten menika nedahaken jinis undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken para paraga anggenipun wicantenan, inggih menika ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, saha krama alus. Fungsi panganggenipun undha-usuk basa Jawi ingkang wonten ing panaliten, inggih menika fungsi emotif, fungsi referensial, fungsi fatik, fungsi puitik, saha fungsi konatif. Fungsi emotif saged dipunwujudaken kangge ngandharaken raos bingah, gumun, sedhih, ajrih, kuciwa, jengkel, bingung, saha kaget. Fungsi referensial saged dipunwujudaken kangge ngandharaken pawartos. Fungsi puitik saged dipunwujudaken kangge ngandharaken pamanggih nyata saha khayalan. Fungsi fatik saged dipunwujudaken kangge uluk salam. Fungsi konatif saged dipunwujudaken kangge naweni, ngandharaken panyuwunan, nyarujuki, boten sarujuk, pamrayogi, nyuwun pirsa, saha ndhawuhi. Prakawis ingkang ndayani panganggening undhausuk basa Jawi ingkang wonten ing panaliten, inggih menika kadadosan resmi saha boten resmi sarta gineman langsung saha boten langsung dhateng mitra tuturipun. \r\nPamijining tembung: Undha-usuk basa Jawi, Panggugah."^^ . "2020-04-07" . . . "Fakultas Bahasa dan Seni"^^ . . . "Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni"^^ . . . . . . . . . "Rista"^^ . "Khayatun"^^ . "Rista Khayatun"^^ . . . . . . "PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH (Text)"^^ . . . "Skripsi Rista Khayatun.pdf"^^ . . . "PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH (Other)"^^ . . . . . . "lightbox.jpg"^^ . . . "PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH (Other)"^^ . . . . . . "preview.jpg"^^ . . . "PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH (Other)"^^ . . . . . . "medium.jpg"^^ . . . "PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH (Other)"^^ . . . . . . "small.jpg"^^ . . . "PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH (Other)"^^ . . . . . . "indexcodes.txt"^^ . . "HTML Summary of #69293 \n\nPANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING PANGGUGAH\n\n" . "text/html" . . . "Bahasa Jawa" . .