%0 Thesis %9 S1 %A Puji Lestari, Tri %B Fakultas Bahasa dan Seni %D 2018 %F UNY:69227 %I Universitas Negeri Yogyakarta %T DAMEL MEDIA SARASILAH SAHA TITIKANIPUN WAYANG PANDHAWA MAWI APLIKASI ADOBE FLASH CS 6 KANGGE SISWA SD KELAS IV %U http://eprints.uny.ac.id/69227/ %X Panaliten menika gadhah tigang ancas, inggih menika kangge ngandharaken: (1) caranipun damel media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV; (2) kualitas media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas IV minangka pangangge media sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (RnD). Panaliten menika kadhapuk saking gangsal cak-cakanipun damel media inggih menika tahap: analisis; perencanaan; damel media; validasi saha uji coba; saha produk pungkasan. Asiling panaliten nedahaken bilih media menika dipundamel kanthi (1) analisis: katindakaken analisis kurikulum saha analisis kawontenan siswa; (2) perencanaan: katindakaken kanthi damel flowchart saha storyboard; (3) damel media: katindakaken kanthi damel media mawi aplikasi Adobe Flash CS 6; (4) validasi saha uji coba: katindakaken kanthi validasi dhateng dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha uji coba dhateng siswa SD kelas IV; (5) produk pungkasan: katindakaken kanthi revisi media jumbuh kaliyan kasilipun validasi saha ujicoba ingkang sampun dipunlampahi. Validasi kualitas media dening dosen ahli materi menika pikantuk prosentase biji 84,7% ingkang kagolong sae sanget, wondene evaluasi saking dosen ahli media menika pikantuk prosentase biji 77,7% ingkang kagolong sae, saha pambiji kualitas media dening guru basa Jawi menika pikantuk prosentase biji 98% ingkang kagolong sae sanget, wondene asiling angket pamanggih siswa tumrap media menika pikantuk prosentase biji 86,8% ingkang kagolong sarujuk sanget. Asiling panaliten menika nedahaken bilih media wulangan sarasilah saha titikanipun wayang Pandhawa mawi aplikasi Adobe Flash CS 6 kangge siswa SD kelas IV saged dipunginakaken minangka sarana kangge proses piwulangan basa Jawi.