eprintid: 69225 rev_number: 7 eprint_status: archive userid: 33759 dir: disk0/00/06/92/25 datestamp: 2020-10-07 08:15:12 lastmod: 2020-10-07 08:15:12 status_changed: 2020-10-07 08:15:12 type: thesis metadata_visibility: show creators_name: Wijayanti, Sintha title: PURWAKANTHI ING CAKEPAN TEMBANG ANGGITANIPUN SUJIWO TEJO VERSE IN THE SONG OF SUJIWO TEJO’S OPUS ispublished: pub subjects: sastra_jawa divisions: fbs_pend_bahasa_jawa full_text_status: public abstract: Panaliten menika gadhah ancas saperlu damel deskripsi utawi nggambaraken babagan jinising saha fungsi purwakanthi wonten ing cakepan tembang anggitanipun Sujiwo Tejo. Data panaliten menika awujud ukara saha tembung saking cakepan tembang anggitanipun Sujiwo Tejo. Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif. Data dipunkempalaken kanthi cara nyemak lajeng dipunserat. Caranipun ngesahaken data ngginakaken validitas saha reliabilitas. Asiling panaliten menika kapanggihaken jinising purwakanthi saha fungsi purwakanthi wonten ing cakepan tembang anggitanipun Sujiwo Tejo. Jinising purwakanthi, inggih menika; purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, saha purwakanthi guru basa utawi lumaksita. Dene fungsi purwakanthi inggih menika; kangge nggayutaken tetembungan saha nuwuhaken andharan pitutur, nuwuhaken kekarepan utawi pangajab, nuwuhaken gegambaran perjuanganing tresna, nuwuhaken gegambaran kawontenan tiyang, nuwuhaken gegambaran kahanan ing alas utawi alam, nuwuhaken gegambaran kahanan ingkang bungah, kangge mbangun ukara supados langkung urip, nuwuhaken gegambaran kahanan ingkang sedhih, nuwuhaken gegambaran pagesangan ing kasunyatan, saha nuwuhaken babagan pamanggih pangripta. Tembung kunci : purwakanthi, cakepan tembang, Sujiwo Tejo date: 2018 date_type: published institution: Universitas Negeri Yogyakarta department: Fakultas Bahasa dan Seni thesis_type: skripsi citation: Wijayanti, Sintha (2018) PURWAKANTHI ING CAKEPAN TEMBANG ANGGITANIPUN SUJIWO TEJO VERSE IN THE SONG OF SUJIWO TEJO’S OPUS. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta. document_url: http://eprints.uny.ac.id/69225/1/RINGKESAN%20SKRIPSI%20PURWAKANTHI%20ING%20CAKEPAN%20TEMBANG.pdf