TY - THES ID - UNY69223 N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngrembag babagan tembung kahanan polimorfemis ing cerkak kalawarti Djaka Lodang edisi taun 2015. Panaliten menika ngandharaken wujud, pandhapuking, saha jinis tembung kahanan polimorfemis ing cerkak kalawarti Djaka Lodang edisi taun 2015. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung kahanan polimorfemis. Sumber datanipun cerkak ing kalawarti Djaka Lodang edisi taun 2015. Cara ngempalaken data kanthi cara maos saha nyerat. Data dipunanalisis kanthi cara teknik deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken validitas triangulasi teori, validitas intrarater, saha validitas interrater. Realibilitas ingkang dipunginakaken inggih menika realibilitas stabilitas. Wujud tembung kahanan polimorfemis ingkang kapanggihaken tembung andhahan, tembung rangkep, tembung camboran, saha tembung kahanan polimorfemis kombinasi. Tembung kahanan polimorfemis andhahan mawi wuwuhan ater-ater ingkang kapanggihaken N {ng-, n-, m-} saha {kuma-}. Tembung kahanan polimorfemis andhahan mawi wuwuhan seselan ingkang kapanggihaken {-um-}. Tembung kahanan polimorfemis andhahan mawi wuwuhan panambang ingkang kapanggihaken {-an}. Tembung kahanan polimorfemis mawi wuwuhan sesarengan ingkang kapanggihaken wuwuhan sesarengan {ka-/-an} saha {N-/-i}. Tembung kahanan polimorfemis rangkep ingkang kapanggihaken tembung kahanan polimorfemis rangkep dwilingga, rangkep dwilingga semu, rangkep dwilingga salin swara, saha tembung kahanan polimorfemis rangkep dwipurwa. Tembung kahanan polimorfemis camboran ingkang kapanggihaken camboran ingkang kadhapuk saking tembung lingga kaliyan tembung lingga {L+L} saha kadhapuk saking tembung lingga kaliyan morfem unik {L+Unik}. Tembung kahanan kombinasi ingkang kapanggihaken kadhapuk saking tembung lingga ingkang dipunrangkep mawi wuwuhan. Pandhapuking tembung kahanan polimorfemis ngandharaken pandhapuking tembung kahanan polimorfemis ingkang awujud tembung kahanan polimorfemis andhahan mawi wuwuhan, tembung rangkep, tembung camboran, saha tembung kahanan polimorfemis kombinasi. Jinising tembung kahanan polimorfemis ingkang kapanggihaken kaperang dados gangsal inggih menika tembung kahanan jinis wujud, jinis ukuran, jinis warni, jinis raos, saha tembung kahanan polimorfemis jinis mental. PB - Universitas Negeri Yogyakarta A1 - Ika Susilawati, Riska Y1 - 2018/// TI - TEMBUNG KAHANAN POLIMORFEMIS ING CERKAK KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI TAUN 2015 AV - public UR - http://eprints.uny.ac.id/69223/ M1 - skripsi ER -