eprintid: 69220 rev_number: 7 eprint_status: archive userid: 33759 dir: disk0/00/06/92/20 datestamp: 2020-10-07 07:36:49 lastmod: 2020-10-07 07:36:49 status_changed: 2020-10-07 07:36:49 type: thesis metadata_visibility: show creators_name: Ulfah Oktavia, Rahmawati title: POLISEMI ING RUBRIK PAWARTA KALAWARTI DJAKA LODANGWARSA 2016 ispublished: pub subjects: bahasa_jawa divisions: fbs_pend_bahasa_jawa full_text_status: public abstract: Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken tembung ingkang ngewrat polisemi ing rubrik pawarta salebeting kalawarti Djaka Lodang warsa 2016. Tembung ingkang ngewrat polisemi ingkang dipuntliti gayut kaliyan 1) wujuding tembung ingkang ngewrat polisemi, 2) jinising tembung ingkang ngewrat polisemi, saha 3) tipe gegayutan tegesing tembung ingkang ngewrat polisemi. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten inggih menika tembung ingkang ngewrat polisemi ing rubrik pawarta salebeting kalawarti Djaka Lodang warsa 2016ingkang cacahipun 32. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik baca-catat. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis semantik. Caranipun nganalisis data inggih menika data dipunudhari ngginakaken analisis deskriptif. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha semantik kontekstual, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika gegayutan kaliyan wujuding tembung, jinising tembung saha tipe gegayutan tegesing tembung ingkang ngewrat polisemi ing rubrik pawarta salebeting kalawarti Djaka Lodangwarsa 2016. Wujuding polisemi kaperang dados kalih inggih menika tembung saha frasa. Tembung ingkang ngewrat polisemi taksih saged dipuperang dados sekawan inggih menika lingga, andhahan, camboran saha rangkep. Jinising tembung ingkang ngewrat polisemi kaperang dados tiga inggih menika kriya (verba), aran (nomina) saha kaanan (adjektiva). Tembung ingkang ngewrat polisemi menawi dipuntingali saking tipe gegayutan tegesing tembung polisemi kaperang dados pitu inggih menika pengelompokan makna sampingan, tipe derivasi nol/kosong, tipe derivasi afiksasi, tipe asosiatif konstituen keseluruhan, tipe hubungan anggota kelas, tipe hubungan asosiatif kontiguitas temporal, saha tipe asosiatif atributif keseluruhan. Pamijining tembung: polisemi, djaka lodang date: 2018 date_type: published institution: Universitas Negeri Yogyakarta department: Fakultas Bahasa dan Seni thesis_type: skripsi citation: Ulfah Oktavia, Rahmawati (2018) POLISEMI ING RUBRIK PAWARTA KALAWARTI DJAKA LODANGWARSA 2016. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta. document_url: http://eprints.uny.ac.id/69220/1/Rahmawati%20Ulfah%20Oktavia_14205244013.pdf