%0 Thesis %9 S1 %A Lestari Cahyaningsih, Puji %B Fakultas Bahasa dan Seni %D 2018 %F UNY:69217 %I Universitas Negeri Yogyakarta %T DAMEL MEDIAPASINAON AKSARA JAWA AWUJUD MINIVENTURE “MY TRIP MY CARAKA” TUMRAP SISWA SMP KELAS VII %U http://eprints.uny.ac.id/69217/ %X Panaliten menika ancasipun wonten tiga, inggih menika: (1) ngandharaken anggenipun ndamel Media pasinaon aksara Jawa awujud miniventure”my trip my caraka”; (2) ngandharaken pambijinipun ahli materi, ahli media, saha guru mata pelajaran basa Jawi, sarta pamanggihe guru ing diklat kangge mediapasinaon aksara Jawa awujud miniventure”my trip my caraka”; saha (3) ngandharaken pamanggihipun guru minangka ingkang ngginakaken mediapasinaon buku aksara Jawa awujud miniventure”my trip my caraka”.Panaliten menika wujudipun kalebet panaliten Research and Development (R&D). Asiling panaliten nedahaken: (1) mediadipundamel kanthi gangsal tataran inggih menika: analysis, design, development, implementation saha evaluation; (2) validasi kualitas mediadening dosen ahli materi pikantuk biji persentase90%, wondene validasi dening dosen ahli Media pikantuk biji persentase 84%, saha (3) pambiji Mediadening guru basa Jawi pikantuk biji persentase 96%. Asiling panaliten menika nedahaken bilih mediapasinaon aksara Jawa awujud miniventure”my trip my caraka” saged kangge sarana sinau wonten pamulangan aksara Jawa. Pamijining tembung: MediaPasinaon, Miniventure”my trip my caraka”