TY - THES ID - UNY69214 Y1 - 2018/// AV - public A1 - Alexander, Onxy TI - MITOS ING PASAREAN LEDHEK DUKUH PUNTHUK UNGGUL DESA TUNGGULREJO KECAMATAN JUMANTONO KABUPATEN KARANGANYAR PB - Universitas Negeri Yogyakarta M1 - skripsi N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken, (1) mila bukanipun pasarean Ledhek ing Dukuh Punthuk Unggul Desa Tunggulrejo Kecamatan Jumantono Kabupaten Karanganyar, (2) ngandharaken wujudipun Mitos ing pasarean Ledhek wonten Dukuh Punthuk Unggul Desa Tunggulrejo Kecamatan Jumantono Kabupaten Karanganyar, (3) saha ingkang pungkasan ngandharaken paedahipun Mitos ing pasarean Ledhek wonten Dukuh Punthuk Unggul Desa Tunggulrejo Kecamatan Jumantono Kabupaten Karanganyar. Panaliten menika kalebet jinisipun panaliten kualitatif. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data inggih menika kanthi ngginakaken pengamatan berperan serta, wawancara, saha dokumentasi. Pirantos ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data inggih menika panaliti piyambak saha ngginakaken pirantos sanesipun antawisipun, kamera digital kangge mendhet gambar, voice recorder kangge ngrekam swantenipun, saha buku cathetan. Anggenipun nganalisisis data kanthi cara analisis data induktif. Datanipun dipunsahaken kanthi cara triangulasi. Triangulasi ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika triangulasi sumber saha triangulasi metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih, (1) mila bukanipun pasarean ledhek menika miturut cariyosipun inggih menika wonten priyayi setri ingkang padamelanipun dados ledhek ingkang gadhah pacang kalih, lajeng tiyang tiga menika sami padudon wonten ing tengah alas celakkipun dukuh Punthuk Unggul, lajeng priyayi setri menika seda. Salajengipun dipunpanggihaken dening warga punthuk unggul lajeng dipunruwat saha dipunsemayamaken wonten padukuhan Punthuk Unggul menika. (2) pasarean ledhek menika dipunpitados dening masarakat dados papan panyuwunan, masarakat boten kenging ngginakaken samubarang saking sutra warni ijem, menawi badhe gadhah hajat kedah ngintun ubarampe dhateng pasarean, saged ndadosaken siti menika subur, boten pareng ngrasani awon babagan ledhek, saha ingkang pungkasan masarakat pitados bilih suksmanipun mbok mas ledhek menika nempel wonten raganipun Ibu Sredek. (3) paedah mitos menika kangge masarakat Punthuk Unggul antawisipun: a) Nglestantunaken warisan leluhur, b) Pitutur gesang kangge masarakat Punthuk Unggul, c) Wisata budaya kangge masarakat sakiwa tengenipun, d) Ngraketaken pasedherekan masarakat dukuh Punthuk Unggul. UR - http://eprints.uny.ac.id/69214/ ER -