eprintid: 69209 rev_number: 7 eprint_status: archive userid: 33759 dir: disk0/00/06/92/09 datestamp: 2020-10-07 07:01:40 lastmod: 2020-10-07 07:01:40 status_changed: 2020-10-07 07:01:40 type: thesis metadata_visibility: show creators_name: Nur Utami, Novi title: SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CRITA RAKYAT KALAWARTI DJAKA LODANG 2015 ispublished: pub subjects: bahasa_jawa divisions: fbs_pend_bahasa_jawa full_text_status: public abstract: rubrik crita rakyat kalawarti Djaka Lodang 2015. Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken jinis sinestesia, makna sinestesia, saha ginanipun panganggening sinestesia ingkang dipunginakaken wonten ing crita rakyat kalawarti Djaka Lodang 2015. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskripstif. Data ing panaliten inggih menika tembung, frasa, saha klausa ingkang ngalami ewah-ewahan teges amargi wontenipun pertukaran tanggapan pancadriya ing crita rakyat kalawarti Djaka Lodang 2015. Sumber data ing panaliten inggih menika crita rakyat kalawarti Djaka Lodang 2015, crita rakyat ingkang dipunginakaken menika wonten 4 irah-irahan inggih menika Arya Penangsang, Jaka Sangkrip, Raden Budog, saha Maliwis Putih. Teknik anggenipun ngempalaken data ngginakaken cara maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak. Wondene caranipun nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Cara ngesahaken data ngginakaken validitas trianggulasi teori saha validitas semantik kontekstual saha reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika jinis sinestesia, makna sinestesia saha ginanipun pangaggening sinestesia wonten ing crita rakyat kalawarti Djaka Lodang. Jinis sinestesia wonten ing crita rakyat kalawarti Djaka Lodang 2015 menika wonten sanga inggih menika sinestesia saking driya panggrayang dados driya pandulu, sinestesia saking driya pamireng dados driya pandulu, sinestesia saking driya pandulu dados driya pamireng, sinestesia saking driya pangraos dados driya pandulu, sinestesia saking driya pangganda dados driya pandulu, sinestesia saking driya panggrayang dados driya pamireng, sinestesia saking driya pangraos dados driya pamireng, sinestesia saking driya pangganda dados driya pamireng, saha sinestesia saking driya pangraos dados driya panggrayang. Makna sinestesia ingkang wonten ing crita rakyat kalawarti Djaka Lodang 2015 menika wonten tiga inggih menika makna afektif, makna referensial, saha makna konotatif. Ginanipun sinestesia ingkang wonten ing crita rakyat kalawarti Djaka Lodang 2015 menika wonten enem inggih menika kangge ngalusaken teges, nedahaken raos duka, nedahaken raos remen, nedahaken raos boten remen, kangge maringi gambaran, saha kangge nyangetaken teges. Pamijining Tembung: Sinestesia, Crita Rakyat, Kalawarti Djaka date: 2018 date_type: published institution: Universitas Negeri Yogyakarta department: Fakultas Bahasa dan Seni thesis_type: skripsi citation: Nur Utami, Novi (2018) SINESTESIA BASA JAWI WONTEN ING RUBRIK CRITA RAKYAT KALAWARTI DJAKA LODANG 2015. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta. document_url: http://eprints.uny.ac.id/69209/1/E-journal%20Novi%20Nur%20Utami_14205244010.pdf