@phdthesis{UNY69207, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, title = {RITUAL KUNGKUM ING UMBUL TIRTAMARTA DHUSUN DUKUH KECAMATAN BANYUDONO BOYOLALI}, year = {2018}, author = {Nanda Hutama}, url = {http://eprints.uny.ac.id/69207/}, abstract = {Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) lampahing prosesi Ritual kungkum ing Umbul Tirtamarta Dhusun Dukuh Kecamatan Banyudono Boyolali, (2) ngandharaken makna simbolik sesajen ritual kungkum, (3) ngandharaken paedah saking upacara Ritual Kungkum. Panaliten menika kalebet jinis panaliten kualitatif. Cara ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika kanthi migunakaken pengamatan berperan serta, wawancara mendalam saha dokumentasi. Piranti ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu migunakaken piranti kamera, hand phone, buku cathetan, saha komputer. Data dipunanalisis kanthi cara analisis induktif. Data dipunsahaken kanthi cara triangulasi data. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) lampahing prosesi ritual dipunwiwiti saking cecawis piranti saha papan ingkang badhe dipunginakaken kangge Ritual Kungkum, salajengipun prosesi Ritual Kungkum dipuntindakaken lan dipunpungkasi kanthi tapa wonten Umbul, (2) piranti-piranti ingkang dipunginakaken wonten ing Ritual kungkum menika nggadhahi simbol-simbol tartamtu ingkang gayut kaliyan pagesangan manungsa lan mujudaken panyuwuwunan saking tiyang ingkang nindakaken Ritual Kungkum menika, (3) ritual kungkum ing Umbul Tirtamarta Dhusun Dukuh Kecamatan Banyudono Boyolali menika gadhah paedah tumrap tiyang ingkang nglampahaken menapa dene masyarakat sanesipun ingkang arupi paedah spiritual, paedah ekonomi, saha paedah nguri-uri tradhisi.} }